Yesaya 35:1-10; Jabur 146:5-10; Yakobus 5: 7-10; Mateus 11:2-11
SABAR
“Kang iku para sedulur, padha disabar nganti tumeka rawuhe Gusti.
Sajatine wong tani iku nganti-anti marang pametuning bumine,
kang adi sarta disrantekake, nganti tekane udan ing mangsa rontog
lan ing mangsa semi” (Yakubus 5: 7)
Wonten ingkang mastani menawi dados tiyang Kristen punika badhe kalis saking rupi-rupi panandhang; boten kekirangan, kerapan lan tansah ngraosaken kabingahan. Pamanggih punika temtu kemawon boten leres, awit salamining manungsa taksih gesang ing alam donya mesthi badhe aben ajeng kaliyan maneka warni panandhang lan perkawising gesang.
Waosan kita wanci punika isi piwucalipun Yakobus dhateng kalih welas taler ing tanah manca, supados salebeting ngadhepi panandhang sami nuladha gesangipung para nabi ing wekdal kepengker. Ingkang sami ngadepi panandhang kanthi sabar, boten nglokro lan kendho saha mbudi daya pados cara murih saged luwar saking panandhang kala wau.
Supados saged sabar ing salebeting ngalami pacoben lan panandhang, kita kedah nggadhahi raos urmat lan purun ngraos-raosaken kesaenanipun Gusti ingkang sampun kita tampi saben dintenipun. Nglenggana menawi tiyang gesang ing jagad mesthi aben ajeng kaliyan maneka warni perkawis. Sarta mitadosi bilih Gusti Allah punika boten badhe kendel anggenipun makarya njangkung gesang kita sedaya. Kados pangandikanipun Rasul Paulus ing serat I Korinta 10: 13,”Kang padha kok alami iku, pacoban-pacoban kang lumrah, kang ora ngluwihi kekuataning manungsa , sebab Gusti Allah iku setya tuhu , ora bakal negakake kowe kena ing coba ngluwihi kekuatanmu. Manawa kowe kena ing coba, Panjenengane bakal maringi margining luwar, satemah kowe padha bisa mbetahake. Setya tuhu lan sabar ngadhepi panandhang kanthi kebak pangajeng-ajeng, awit Gusti mesthi nggatosaken kita. |*YS
