Ayub 25:1-26:14; Jabur 123; Yokanan 5:19-29
NGURMATI
“… Sing sapa ora ngurmati Sang Putra, iku uga ora ngurmati marang
Sang Rama kang ngutus Panjenengane.”
(Yokanan 5: 23b)
Pangandikanipun Gusti Yesus punika nedahaken bilih Panjenenganipun punika asalipun saking Allah Sang Rama, dipun utus dening Sang Rama. Punapa ingkang dipun dhawuhaken dening Sang Rama badhe dipun estokaken dening Sang Putra. Panjenenganipun ugi dipun utus supados ngadili sedaya tiyang ing tembe. Pramila, Panjenenganipun negesaken supados sedaya tiyang ngurmati Sang Putra. Pangatagipun Sang Putra punika saperlu ndhodhog manahipun saperangan tiyang Israel ingkang dereng pitados dhumateng Panjenenganipun.
Menawi kita raos-raosaken ing jaman samangke, pancen taksih kathah tiyang ingkang boten nggadahi raos urmat dhumateng Gusti Yesus, Sang Putra. Saged ugi awit piyambakipun boten pikantuk pawartos bab pakaryanipun Sang Kristus. Ananging saged ugi awit saking raos sengit dhateng para tiyang ingkang pitados dhumateng Sang Kristus. Punika pancen sampun kaserat ing Injil bilih para tiyang pitados badhe ngadhepi pamoyoking tiyang-tiyang ingkang boten remen mireng bab pakaryanipun Sang Kristus saha patunggilaning para umatipun. Sinaosa mekaten, kita sami kadhawuhan supados tetep nandukaken katresnan dhateng tiyang-tiyang wau. Kados dene Sang Rama kebak ing katrenan, mekaten ugi Sang Putra. Kados dene Sang Putra kebak ing katresnan, mekaten ugi kedahipun kita sami minangka pandherekipun!
Sumangga kita sami nitipriksa, punapa kita ugi sampun nyatakaken raos urmat dhumateng Sang Putra? Ngurmati Sang Putra punika boten namung kawujudaken kanthi pangucap utawi kanthi ngangge kalung salib saben dintenipun. Asung pangurmatan dhumateng Sang Putra punika ugi kedah kawujudaken kanthi manembah ing ngarsanipun wonten ing pangibadah pribadi tuwin sesarengan. Ngurmati punika ugi kelampahan kanthi mbangun turut dhateng punapa ingkang dipun dhawuhaken Sang Putra. Wosipun, ngurmati punika boten namung bab tetembungan ananging ugi pakaryan nyata! |*OHPN
