Pangandharing Toret 7:12-26; Jabur 1; Kolose 4:7-17
NILINGAKEN LAN NGLAMPAHI
“Sarta bakal kelakon, sarehne kowe padha nilingake lan nglakoni pranatan-pranatan iku kalawan temen-temen, mulane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu,
iya bakal netepi prasetyan lan sih-kadarmane kang wus didhawuhake
kalawan supaos marang para leluhurmu.”
(Pangandharing Toret 7:12)
Lare ingkang nembe remen sinau maca biasanipun gadhah pepenginan maca tulisan punapa kemawon. Sae seratan ing buku, majalah, ing tayangan televisi, HP lan sapiturutipun. Malah menawi wonten coretan ing tembok ugi lare punika mbudi daya pengin maca coretan punika. Lare wau nilang-niling coretan kanthi lugu lan sinaosa anggenipun maca taksih dereng lancar nanging wonten semangat sinau maca.
Dhateng umat Israel, Gusti paring prasetya badhe ngasihi, mberkahi, lan damel bangsa Israel kathah (ayat 13). Gusti Allah badhe paring berkah dhateng sedayanipun lumantar asiling bumi ingkang linuber sarta nebihaken umat saking sesakit lan mengsahipun (ayat 15). Bab punika badhe dipun tampi, menawi umat boten nyembah allahipun bangsa-bangsa sanes. Pangeran Yehuwah ugi badhe perang nglawan mengsahipun bangsa Israel. Sinaosa bangsa-bangsa ingkang badhe dipun adhepi langkung kathah, kiyat, lan prakosa, ananging Pangeran Yehuwah piyambak ingkang badhe nyirnakaken. Bangsa Israel boten perlu ajrih lan geter sabab Pangeran Yehuwah badhe maringi kaunggulan dhateng umat (ayat 17-24). Umat kedah nyirnakaken sedaya reca sesembahan bangsa-bangsa punika. Bangsa Israel boten pareng mbekta mlebet barang najis ing papanipun (ayat 25-26).
Menawi umatipun sami nilingaken lan nglampahi pranatan-pranatanipun kanthi temen-temen, Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, inggih badhe netepi prasetyan lan sih-kadarmanipun ingkang sampun dipun dhawuhaken kanthi supaos dhateng para leluhur. Mirengaken lan nindakaken pranatan-pranatanipun Gusti nuwuhaken berkah. Nalika sampun dipun berkahi lan kaunggulaken saking dosa, kita kedah njagi supados boten nyembah allah sanes. Waosan kita dinten punika mratelaken prasetyanipun Gusti kangge umatipun ingkang sami nilingaken lan nglampahi pranatan-pranatanipun kanthi temen-temen. |*DAC
