Kemis, 19 November 2026 Minggu Limrah
1 Para Raja 22:13-23; Jabur 95:1-7a; Wahyu 14:1-11
JUJUR
“Nanging Nabi Mikha mangsuli pangandikane: “Demi Yehuwah kang gesang,
apa kang bakal dipangandikakake dening Sang Yehuwah marang aku,
yaiku kang bakal dakucapake.”
(1 Para Raja 22:14)
Ing gesang punika, kita tamtu nate aben ajeng kaliyan tawaran bab cara ingkang langkung gampil lan cepet kangge nggayuh tujuan kita, kalebet mbolak-mbalikaken kaleresan, ngewahi standar utawi pathokan, temahan kajujuran dados perkawis ingkang langka, angel dipun gayuh awit asring dipun lirwakaken ing sesambetaning antawisipun manungsa.
Kajujuran punika bab ingkang prayogi. Sinaosa tamtu boten gampil kawujudaken, ananging saestu saged nuntun kita dhateng kaleresan lan kawilujengan. Kadhangkala sikep jujur dados awis reginipun awit kedah kita bayar kanthi pangurbanan, lan saged ugi mbekta kita dhateng ing kawontenan ingkang boten ngremenaken. Kajujuran menika landhesan ingkang kiyat lan dados kuncining kepercayaan nalika kita mangun sesambetan ingkang sehat kaliyan sesami.
Nabi Mikha punika kasuwun ngaturaken punapa ingkang sami kaliyan nabi-nabi sanesipun supados nyenengake manahipun Raja Ahab. Ananging bab punika saestu cengkah kaliyan ingkang dipun ngandikakaken dening Gusti Allah dhateng piyambakipun. Mila, prinsipipun nabi Mikha : “Demi Yehuwah kang gesang, apa kang bakal dipangandikakake dening Sang Yehuwah marang aku, yaiku kang bakal dakucapake.” Nabi Mikha jujur ngaturaken punapa ingkang dados pangandikanipun Gusti. Asikep jujur ing satengahing kawontenan mboten jujur pancen tantangan ingkang awrat, nanging kita kedah enget bilih ing pungkasaning jaman, tiyang-tiyang ingkang jujur menika ingkang tembenipun badhe sesarengan kaliyan Sang Cempe jumeneng wonten ing tengger Sion, “Yaiku kang padha katebus saka ing antarane manungsa minangka kurban wiwitan sumaos marang Gusti Allah lan marang Sang Cempe. Lan ing cangkeme ora tinemu kang cidra; wong iku kang tanpa cacad.” (Wahyu 14:4b-5). Sumangga kita mbudidaya lan nggladhi dhiri kita supados dados tiyang-
