+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 18 November 2026 Minggu Limrah

Rebo, 18 November 2026 Minggu Limrah
Ayub 16:1-21; Jabur 9:1-14; Mateus 24:45-51
PAMBELA
“Sumurupa, saiki uga Seksiku ana ing swarga,
kang nekseni aku ana ing ngaluhur.”
(Ayub 16:19)
Sahabat utawi kanca raket punika sakmesthinipun saged paring panyengkuyung nalika kancanipun wonten ing kasisahan. Mbok menawi menika ingkang dipun ajeng-ajeng dening Ayub nalika piyambakipun wonten ing kasangsaranipun. Emanipun, ingkang kelampahan kosokwangsulipun. Saksampunipun pitung dinten anggenipun sami ngrencangi Ayub kanthi mendel kemawon, kanca-kancanipun Ayub lajeng ngendika. Ananging pangandikanioun kanca-kanca Ayub punika malah nuduh Ayub sampun tumindak dosa. Ayub rumaos kuciwa, ngantos nyebat kanca-kancanipun punika “juru panglipur kang siyal.”
Ayub mbelani dhirinipun bilih piyambakipun boten nindakaken dosa, kados ingkang dipun tudhuhaken dening kanca-kancanipun. Kasangsaran ingkang dipun raosaken dening Ayub punika sanes amargi piyambakipun tumindak dosa. Tudhuhanining kanca-kancanipun Ayub punika njalari Ayub ngedalaken uneg-unegipun dhateng Gusti Allah. Ayub ngraosaken sakit ing tata lair lan batosipun, saking pucuking rambut ngantos pucuking sampeyan. Satemah, punapa ingkang dados sakiting manah, tudhuhanipun tiyang sanes tumrap Ayub, sedaya dipun aturaken dhumateng Gusti Allah. Ing salebeting kasangsaranipun, Ayub boten nebih saking Gusti, piyambakipun tetep marek sowan dhumateng Gusti.
Asring kelampahan, tiyang ingkang nembe nandhang kasisahan lan kasangsaran punika nedya nebih saking Gusti Allah lan nilaraken patunggilan. Pranyata gesangipun boten sangsaya sae, nanging sangsaya rekaos. Tiyang punika boten sesambat dhumateng Gusti malah pados ilah sanesipun. Mugi menapa ingkang dipun tindakaken dening Ayub menika dados tuladha tumrap kita. Nalika ngadhepi perkawis ingkang awrat ing gesang kita, tansah sesamabat lan sumendhe dhumateng Gusti. Sinaosa awrat panandhang kita, mugia kita saged njagi sikep ingkang leres: Sesambat namung dhumateng Gusti lan mitadosaken gesang dhumateng Tuking Pitulungan kita, inggih menika Gusti Allah. |*SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *