Slasa, 17 November 2026 Minggu Limrah
Zakharia 2:1-5; Jabur 9:1-14; 1 Tesalonika 5:12-18
BALUWARTI GENI
“Sarta Ingsun piyambak, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – bakal dadi baluwarti geni ing sakubenge, apadene dadi kamulyan ana ing jerone.”
(Zakharia 2:5)
Baluwarti utawi tembok inggih menika perangan ingkang wigati tumrap satunggaling kitha ing jaman kina. Tanpa dipun kupengi baluwarti ingkang inggil lan kiyat, satunggaling kitha gampil dipun serang dening mengsah. Bab punika temtu dadosaken rakyatipun sami boten tentrem anggenipun gesang, awit sawekdal-wekdal mengsah saged nlasak ing panggenanipun. Baluwarti ugi kaginakaken minangka wates. Minangka wates, baluwarti punika temtunipun mbatesi punapa ingkang dipun tindakaken dening warga ing kitha punika. Ateges tiyang boten pareng nglanggar wates wilayah ingkang dipun tamtokaken manawi boten wonten idi palilah saking tiyang ingkang kawogan.
Manawi kita gatosaken wahyu ingkang kaping tiga ingkang kawartosaken dhateng bangsa Yehuda lumantar Zakharia, Gusti Allah prasetya badhe mberkahi bangsa menika. Inggih punika badhe dipun berkahi kanthi matikel-tikel penduduk lan kewan ternak. Mila mekaten, Yerusalem boten merlokaken baluwarti ingkang ngayomi ugi matesi. Minangka gantosipun, Gusti Allah kepareng dados baluwartinipun ingkang santosa. Panjenenganipun ingkang dados baluwarti geni, ingkang badhe ngayomi bangsa Yehuda saking mengsah-mengsahipun.
Perkawis ingkang sami ugi lumampah ing gesang padintenan kita. Kita mboten saged 100% ngayomi dhiri piyambak lan tiyang-tiyang ingkang kita tresnani. Mbok menawi griya sampun dipageri kanthi tembok kawat eri. Nalika nitih motor sampun ngangge helm. Mobil sampun dipun jangkepi fasilitas airbag. Anak kita anggenipun ngekos ing luar kota punika wonten ing kos-kosan ingkang sae lan aman. Sedaya punika kadosdene baluwarti ingkang kita bangun. Ananging, boten saged njamin kaslametan kita. Mila, sumangga tansah ngayom dhumateng Gusti. Memangun gesang ingkang nyatunggil raket kaliyan Panjenenganipun lan ndadosaken Gusti menika “baluwarti geni” ingkang ngayomi lan mberkahi kita. Namung kanthi rumaket kaliyan Gusti kita saged ngaso tilem kanthi tentrem tanpa kuwatos bab kaslametan kita lan tiyang-tiyang ingkang kita tresnani. |*SAR
