Senen, 16 November 2026 Minggu Limrah
Zakharia 1:7-17; Jabur 9:1-14; Rum 2:1-11
PAMRATOBAT
“Apa kowe arep ngremehake lubering kamirahan sarta sabar sarehe Gusti Allah? Apa kowe arep ora sumurup manawa kamirahane Gusti Allah
iku nuntun kowe marang pamratobat?”
(Rum 2:4)
Standar utawi ukuraning kasucenipun Allah punika saestu inggil piyambak, boten saged kagayuh dening manungsa. Punapa malih manawi manungsa dipun adili adhedhasar standaripun Allah, tamtu awrat sanget. Rasul Paulus nelakaken bilih manungsa badhe dipun adili adhedhasar ukuran ingkang secara boten langsung punika dipun tamtokaken piyambak. Ingkang remen njeksani tiyang sanes lan nganggep dhirinipun leres, badhe kajeksan srana menapa ingkang dipun tindakaken dhateng tiyang sanes (Rum 2:1-3). Pangadilanipun Gusti Allah menika boten pilih-pilih, badhe katindakaken dhateng sedaya manungsa. Boten wonten ginanipun kita mbandhing-bandhingaken dhiri kita kaliyan tiyang sanes awit wonten ing ngarsanipun Gusti punika boten wonten ingkang kaaling-alingan. Manawi kita tumindak dosa, suwanten ing manah kita boten saged selak. Punika nedahaken bilih menawi kita kaemutaken amargi dosa-dosa kita, estu punika sih kamirahanipun Gusti ingkang ngersakaken kita mratobat.
Rasul Paulus nyerat bilih “manawa kamirahane Gusti Allah iku nuntun kowe marang pamratobat” (ay. 4). Pamratobat punika kawiwitan saking kamirahan lan kasaenanipun Allah. Pramila, cara ingkang leres kangge mratobat inggih menika kanthi nampeni sih-kamirahanipun Gusti ing gesang kita, saklajengipun lumantar ewah-ewahaning sikep lan pamikiran kita ingkang kebak dening kabingahan lan panuwun sokur. Kita kedah ngiseni pikiran kita kaliyan kasadharan bilih Gusti Allah menika Maha tresna, ingkang nresnani kita kanthi katresnan ingkang langgeng. Sumangga kita bingah-bingah awit Allah nresnani kita kanthi katresnan ingkang langgeng. Gesang tansah saos sokur awit kanugrahan lan peparingipun Gusti ingkang sae sarta sampurna. Pamratobat tamtu gegayutan kaliyan pangibadah kita. Pangibadah ingkang sejati punika boten namung awujud ritual lan sanes formalitas kemawon, ananging kinanthenan kanthi ewah-ewahaning manah lan tumindak nyata ingkang nedahaken katresnan, kaadilan lan welas asih dhateng sesami ingkang mbetahaken. |*SAR
