+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 31 Oktober 2026 Minggu Limrah

Maleakhi 1:6-2:9; Jabur 43; Mateus 23:13-28

SUMBER INGKANG REGED
”Heh, wong Farisi kang picak, resikana dhisik jerone tuwung iku,
jabane iya bakal dadi resik” (Mateus 23:26)

Ingkang naminipun sumber punika mesthinipun ngedalaken toya
ingkang resik. Toya ingkang resik punika ingkang lajeng dados sumbering
panguripan tumrap kathah makhluk. Nalika toya sumber punika radi
buthek, tiyang umumipun madosi pipa utawi bageyan pundi ingkang reged,
amargi toya sumber punika mesthi resik. Nalika dumugi griya kok dados
buthek, mesthi wonten rereged ing pipa pralon ingkang ndherek keli ing toya
punika. Kita lajeng enggal ngresiki saluran pipa pralon supados toya ingkang
mili saged resik lan bening malih. Ananing kadospundi kalampahanipun bilih
sampun saking sumberipun punika toyanipun buthek? Temtu boten badhe
dipasang pipa pralon ingkang mili dhateng griya.
Bab ingkang sami dados panyuraos ing waosan Mateus 23:26. Tiyang
Farisi nampi piwucal saking Gusti Yesus. Gusti Yesus pirsa bilih sumbering
sedaya piawon ing pedaleman suci punika sanes amargi saking njawi,
ananging saking nglebet. Tiyang Farisi ingkang kedahipun paring pambiyantu
dhateng umat supados anggenipun ngabekti kanthi saestu, malah dados
ingkang ngribedi gesangipun umat kanthi pranatan maneka warni.
Emanipun, malah tiyang Farisi piyambak ingkang nerak pranatan punika
kanthi cara-cara ingkang boten prayogi. Mila leres bilih Gusti Yesus dhawuh
supados ngresiki perangan ing nglebet rumiyin, satemah bagian njawi inggih
badhe resik. Bilih sumbering manah punika sampun reged, toya ingkang mili
inggih badhe reged. Badhe diganti pipa kaping pinten kemawon boten
badhe resik amargi ingkang njalari reged punika sumberipun piyambak.
Gereja ugi tinimbalan supados dados sumber ingkang resik rumiyin.
Nalika wonten ing salebeting gereja wonten perangan-perangan ingkang
resik, ingkang medal ing jagad punika ugi perangan ingkang resik. Ananging
bilih ing salebetipun gereja wonten crah, wonten srei lan dengki, ingkang
badhe kawedal inggih perangan ingkang reged. Sumangga kita njagi sumbering
gesang kita tetep resik supados gesang kita tansah dados berkah. |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *