+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 30 Oktober 2026 Minggu Limrah

Yehezkiel 13:1-16; Jabur 43; 2 Petrus 2:1-3

SAMPUN NGANTOS GAMPIL KAPILUT
”Sarta marga saka srakahe, guru-guru palsu iku bakal padha ngudi golek
kauntungan saka kowe kabeh kanthi dongeng-dongenge kang
ngayawara” (2 Petrus 2:3)

Ing jaman samangke tiyang punika sangsaya gampil nata gesangipun
awit kemajengan teknologi. Langkung malih ing teknologi AI, kathah
perangan ingkang saged kasil namung ing itungan detik kemawon. Manungsa
sampun boten menggalih malih bab mempeng makarya (kerja keras) ananging
makarya kanthi pinter (kerja cerdas). Ananging, kemajengan teknologi ing
tanganipun tiyang duraka badhe dados perangan ingkang awon ugi. Apus-
apus online punika asring kita panggihi. Tiyang apus-apus ugi kathah.
Makaten ugi kathah tiyang ingkang ngaku-ngaku pinter lan saged mrantasi
kathah prekawis. Teknologi ingkang kedahipun paring pambiyantu malah
balik dados perangan ingkang ndhawaken manungsa ing dosa.
2 Petrus 2:3 ngemutaken kita sedaya bilih ing jagad punika kathah guru-
guru palsu, ingkang nindakaken apus-apus kangge kauntunganipun piyambak.
Tiyang bilih sampun nindakaken apus-apus sampun boten preduli malih
babagan leres utawi lepat, ingkang baken dhirinipun saged untung.
Kalamangsanipun kauntungan punika ing atasipun tiyang sanes ingkang
kapitunan. Perangan punika temtu sanes perangan ingkang prayogi.
Emanipun, kathah tiyang apus-apus punika tumindak kadosdene guru
ingkang memulang kathah perangan.
Ing wekdal samangke punika boten gampil kangge mangertosi pundi
bab ingkang estu lan pundi ingkang namung apus-apus. Tiyang ingkang
nindakaken apus-apus punika ugi kadosdene tiyang ingkang leres. Punapa
ingkang saged kita tindakaken supados boten keli ing kawontenan ingkang
kados makaten? Kita kedah waspada. Kita kedah nitipriksa lan nyuraos
kathah perangan. Ing sisih sanes kita inggih kedah ngiyataken iman
kapitadosan kita supados boten gampil kapilut dening guru-guru palsu. Bilih
kita sampun kecalan waspada lan gampil ndherek ing piwucalipun guru-
guru palsu, kita inggih badhe gampil kecalan jatidhiri kita minangka para
pendherekipun Gusti. |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *