Pangandharing Toret 9:25-10:5; Jabur 1; Titus 2:7-8, 11-15
NGGULAWENTAH PANGARIBAWA
”Iku kabeh wartak-wartakna, wong-wong padha pituturana lan surup-
surupna kalawan pangaribawamu. Aja nganti ana wong kang
ngremehake kowe”
(Titus 2:15)
Anggenipun tiyang sepuh nggulawentah lare (parenting) punika maneka
warni caranipun. Wonten tiyang sepuh ingkang nganggep bilih anak punika
dereng kagungan pangertosan ingkang leres, mila sedayanipun kedah
manut kaliyan tiyang sepuh. Kanthi tetembungan “cah cilik ngerti apa”, lare
kedah nurut dhateng sedaya pamrayogi saking tiyang sepuh. Utawi
kosokwangsulipun, wonten tiyang sepuh ingkang paring wewengan anak
kangge nelakaken pepenginanipun, sinaosa taksih wonten ing panggulawentah
sesarengan tiyang sepuh. Miturut pamanggih panjenengan, model ingkang
pundi ingkang langkung prayogi?
Titus 2:15 ngemutaken kita babagan lare enem nami Titus ingkang
kedah mucal pasamuwan. Kamangka, Titus kalebet lare enem, dene ingkang
dados pelados ing pasamuan punika kathah ingkang langkung sepuh
tinimbang piyambakipun. Titus kaparingan dhawuh dening Rasul Paulus
supados tetep njagi pangaribawa nalika mucal dhateng pasamuawan. Titus
boten kepareng ketingal umuk amargi dados muridipun Rasul Paulus, utawi
ketingal minteri dhateng ingkang langkung sepuh. Titus kaparingan dhawuh
njagi pangaribawa tanpa kedah ngasoraken tiyang sanes. Sedaya punika
ancasipun supados Titus boten karemehaken dening kathah tiyang. Lare
enem ugi saged dados pangarsa, lare enem ugi saged dados pamomong, lan
ugi saged dados tuladha gesang tumrap sinten kemawon.
Lare enem jaman samangke sejatosipun langkung mlethik pikiranipun
amargi kemajengan teknologi. Ateges, lare enem gadhah cara piyambak
kangge nindakaken tanggel jawabipun. Nalika caranipun nindakaken tanggel
jawab punika benten kaliyan kita, boten prelu dipun dukani. Cobi kita
maringi wewengan kangge lare punika ngetingalaken pangaribawanipun.
Nalika wonten ingkang lepat, temtu kedah kita emutaken. Dene saged
nindakaken tanggel jawabipun kanthi sae, punika ingkang kita lajengaken
minangka model panggulawentah gesang sesarengan. |*WAS
