Daniel 3:1-18; Jabur 98; Wahyu 18:1-10, 19-20
AJA CEDHAK KEBO GUPAK
“Aku tumuli krungu swara liyane, saka ing swarga, kang ngandika:
“He, umatingSun, padha sumingkira saka ing antarane, supaya sira
aja nganti kalepetan ing dosane, lan aja nganti melu
kena ing wewelake” (Wahyu 18:4)
Tetembungan Jawi wonten ingkang nelakaken “aja cedhak kebo
gupak”. Sanepan punika badhe nedahaken bilih kita badhe gampil kapilut
dening kawontenaning pasrawungan kita. Tuladha kemawon, nalika kita
caket kaliyan tiyang ingkang dhemen dhahar sate kambing, kita ugi badhe
ndherek remen nedha sate kambing. Nalika kita srawung kaliyan tiyang
ingkang remen mirsani konser musik rock, kita ugi badhe ndherek ing
kasenengan punika. Punapa kita saged mbayangaken nalika kita srawung
kaliyan tiyang ingkang kagungan pakulinan ngrisak lan boten sae?
Wahyu 18:4 ngemutaken kita babagan pangandikanipun Allah ingkang
dhawuh supados manungsa nyingkiri perangan-perangan kadurakan
ingkang ndhatengaken bebendunipun Allah. Nalika tiyang pitados sampun
wiwit srawung kaliyan tiyang duraka lan ketularan ing kadurakanipun,
punika sampun sami kawontenanipun kaliyan tiyang duraka. Tiyang pitados
kenging kemawon mbangun pasrawungan kaliyan sinten kemawon,
ananging sampun ngantos kelu ing swasana lan pungkasanipun ndherek
nindakaken kadurakan ingkang ndhawahaken bebenduning Allah.
Sumangga kaaturan menggalih prekawis punika kanthi pitaken dhateng
dhiri kita pribadi: punapa anggen kula srawung sampun saestu kanthi
mawas dhiri lan boten kelu ing swasana? Punapa anggen kula mbangun
sesrawungan punika nuwuhaken woh ingkang becik? Punapa anggen kita
milih kanca punika ingkang saestu saged ndadosaken kawontenan kita
supados langkung sae malih? Sampun ngantos kita kelu ing swasana
namung amargi pasrawungan ingkang boten sae. Boten prelu nyaket
dhateng kadurakan. Boten prelu ndherek nindakaken piawon namung
amargi gengsi. Bilih boten kepengin ndherek gupak, nggih sampun nyaket
dhateng kebo ingkang kebak lendhut. |*WAS
