+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 12 Oktober 2026 Minggu Limrah

Pangentasan 19:7-20; Jabur 34; Yudas 1:17-25

”KAWIGATOSAN DHATENG SESAMI”
”Welasana wong-wong kang isih mangu-mangu.
Wong iku padha entasna srana karebut saka ing geni”
(Yudas 1:22-23a)

Jaman punika sangsaya majeng ananging manungsa karaosaken sangsaya
boten preduli (cuek) dumateng sesaminipun. Kedahipun teknologi punika
saged ngraketaken pasedherekan lan mbiyantu kangge sesambetan kaliyan
ingkang mapan ing katebihan. Ing kasunyatanipun, media sosial boten
dados sarana mangun pasrawungan malih, ananging dados sarana kangge
pamer lan ngagul-agulaken kawontenanipun piyambak. Kawigatosan dhateng
tiyang sanes kaanggep minangka “pelanggaran privasi”. Menawi kados
makaten, kadospundi kita saged nelakaken katresnan kita dhateng sesami?
Yudas 1:22-23a mbereg kita sadaya supados purun migatosaken sesami
kita. Perkawis punika wigatos awit kawontenaning donya wekdal samangke
ndadosaken tiyang gampil kapilut dening rohing kadonyan ingkang
nebihaken saking Gusti Allah. Timbalan tiyang pitados inggih punika ngiyataken
sesami ingkang taksih mangu-mangu lan ngemutaken ingkang nindakaken
kalepatan. Ngemutaken ingkang nindakaken kalepatan ateges kita sampun
ngemutaken tiyang punika supados nebih saking paukuman langgeng ing
tembe wingking.
Tiyang pitados tinimbalan supados andum katresnan srana migatosaken
kawontenaning sesami. Menawi ita namung mendel kemawon kepara malah
mboten perduli dhateng kawontenan sesami- ateges kita boten andum
katresnan. Kita saged kemawon ngaturaken maneka warni pawadan supados
boten prelu migatosaken sesami kita. Ananging punapa katresnan punika
saged kalampahan tanpa kawigatosan? Taksih kathah tiyang ingkang
lumampah ing marginipun kadurakan, lan kita ingkang kedah ngemutaken
bab punika. Taksih kathah tiyang ingkang mangu-mangu lan mbetahaken
katuntun dhateng margi ingkang sejati. Taksih kathah malih tiyang ingkang
mbetahaken pitulungan, lan kita boten saged mitulungi tanpa paring
kawigatosan dhateng sesami kita. | WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *