Yesaya 25:1-9 ; Jabur ; Filipi 4:1-9; Mateus 22:1-14
SITHIK KANG PINILIH
“Sabab akeh kang tinimbalan, nanging mung sathithik kang pinilih”
(Mateus 22:14)
Dados pandhita punika tamtu pilihan gesang ingkang boten gampil.
Sinaosa pandhita asring kawastanan minangka abdinipun Allah ingkang
saking lesanipun mijil pangandikanipun Allah, ananging pranyata boten
kathah ingkang nyamektakaken dhiri dados pandhita. Wonten ing sekolah
Teologia kemawon, boten sedaya lulusanipun lajeng dados pandhita sinaosa ing
pawiyatan punika sampun sinau sedaya babagan mranata gesang peladosan ing
gereja. Panci leres bilih kathah ingkang nampi timbalan, ananging namung
sakedhik ingkang saestu pinilih.
Injil Mateus 22:1-14 nyariyosaken pasemon bab pahargyan manten
satunggaling ratu. Ananging pranyata ingkang dipun ulemi boten wonten
ingkang rawuh kanthi pawadanipun piyambak-piyambak. Lajeng sang nata
dhawuh supados madosi tiyang-tiyang ing margi lan dipun aturi nderek ing
pahargyan punika. Ingkang suwaunipun dipun ulemi malah boten saged
ndherek mlebet suka bingah ing pahargyan punika. Kepara malah ingkang
suwau boten nampi uleman ananging sumadya rawuh nyengkuyung ingkang
ndherek suka bingah ing pahargyan punika. Ingkang nampi timbalan ananging
suwala lan boten samekta boten badhe nampi kanugrahan kapiji minangka
peladosipun Gusti.
Bab punika boten namung tumrap peladosan minangka pandhita, ananging
sedaya peladosan ing jagad punika. Saben tiyang Kristen katimbalan kangge
ndherek lelados miturut kesagedanipun piyambak-piyambak. Ananging
pranyata boten sedaya tiyang Kristen sumadya ngestokaken timbalan
punika kanthi maneka warni pawadan. Boten preduli kapan lan wonten
pundi kita tinimbalan, wusananipun ingkang ndherek ing kamulyanipun
Sang Nata namung ingkang samekta. |*WAS
