Para Hakim 16:23-31; Jabur 28; Mateus 9:2-8
BERKAH INGKANG NAMUR LAMPAH
“Olehe pepati nalika sedane iku kehe ngungkuli
kang pinatenan nalika isih sugeng”
(Para Hakim 16:30b)
Trisno diweling dening bapakne supaya aja nganti kahananing urip
gawe dheweke gingsir saka sabdane Gusti. Mula wiwit cilik Trisno wis kulina
tetep mangkat Sekolah Minggu nadyan males tangi esuk, suthik nyontek
nadyan ora bisa nggarap ulangan, mangkat Katekisasi nganggo payung merga
udan mangka mung pak Pendhita sing rawuh. Bareng wis arep ngancik diwasa,
neng kahanan apa wae pepakone Gusti iku kaya wis otomatis dilakoni neng
saben dinane lan tansah ngosikake atine bab apa sing kudu ditindakake.
Kahananing gesang punika solan-salin. Menawi boten nggadhahi
dhasar ingkang kekah, manungsa saged montang-manting kados layangan
pedhot kawur angin. Mila tiyang pitados kedah mbudidaya mbangun gesangipun
ing dhasar ingkang kiyat; inggih punika sabdaning Allah. Sang Simson wiwit
awit mila minangka nazir sengkeraning Allah sampun kawulang dening tiyang
sepuhipun supados nebihi bab ingkang awon lan karam sarta netepi dhawuhipun
Gusti. Pancen ingkang dados kekiranganipun Simson punika gampil kapilut
pawestri ingkang lajeng njalari piyambakipun kecalan kakiyatan saktemah
gampil kacepeng dening tiyang Filisti. Nanging ing kahanan kacuplak tingalipun
lan karante, Simson tansah kemutan dhateng Gusti Allah. Pandonganipun
kasembadan dening Gusti Allah lan Sang Simson saged numpes tiyang Filisti
langkung kathah cacahipun katimbang nalika dereng cacad.
Estunipun tiyang Kristen sampun kulina manggihaken paraga ing Kitab
Suci ingkang boten namung nandhang kasangsaran, nanging malah ngantos
dumugi seda nalika nuhoni dhawuh timbalaning Allah. Boten namung Simson;
Gusti Yesus piyambak ugi nandhang sangsara lan seda sinalib, nanging pranyata
dados srana ndhatengaken kawilujengan tumraping jagad. Sampun ngantos
semplah nalika nyanggi panandhang. Saged kemawon berkah nembe
namur lampah dados panandhang supados gesang kita ing tembe dipun
agem dening Gusti Allah dados margining berkah dhateng sesami. |*GPY
