Para Hakim 16:1-22; Jabur 28; Filipi 1:15-21
GESANG MINANGKA PASEKSI
“Awit mungguh ing aku urip iku Sang Kristus, dene mati iku kabegjan”
(Filipi 1:21)
Lumrahe menawa uwis digawe serik, uwong wis wegah srawuh maneh
karo sing gawe serik; bebasan dadia banyu emoh nyawuk lan dadia godhong
emoh nyuwek. Nanging Trisno ora lumrah. Dheweke tetap duwe hubungan
sing becik karo bu Kepala Perpustakaan. Kanca-kancane padha gumun. “Sing
uwis ya uwis. Tur wiwit cilik aku diwulang supaya aja ngendhem serik. Ora ana
gunane; tiwas serik, sing diseriki ora rumangsa. Anane mung sayah dhewe.”
Asring tiyang nglampahi gesang kanthi nuruti pepinginanipun tanpa
menggalih pikolehipun. Menawi kapengin nedha pedhes, enggal nguleg
sambel lan tundhanipun diare. Menawi kapengin bosen, kantun kesah lan
tundhanipun utang PNPM sangsaya numpuk. Menawi serik, kantun ngamuk
lan tundhanipun gela awit kecalan sadherek. Mila tumraping tiyang pitados,
langkung prayogi menawi anggenipun gesang punika jumbuh kaliyan
karsaning Allah. Dhateng pasamuwan ing Filipi, Rasul Paulus nedahaken
bilih piyambakipun punika namung lantaran ingkang dipun agem Gusti Allah
martosaken Injiling Kristus. Mila ing pundi papan, sadhengah kawontenan;
sinaosa kedah ngadhepi pejah, Rasul Paulus nedahaken bilih sakwetahing
gesangipun punika minangka paseksi bab Injiling Kristus.
Punika ndadosaken saben pasamuwan boten saged gesang saksekacanipun
piyambak; langkung-langkung nalika enget bilih lumantar pangurbananipun,
Gusti Yesus nebus pasamuwan saking pangwasaning dosa. Mila kados dene
Rasul Paulus, pasamuwan kedah caos sokur kanthi mujudaken gesang
ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah. Ingkang dipun lampahi dening
Rasul Paulus nedahaken bilih pakunjaran lan tiyang-tiyang ingkang boten
remen kaliyan pawartos Injil mila ingkang dados pepalang punika punika
sanes tiyang sanes utawi kawontenan ing sakiwa-tengen, nanging niyat.
Sumangga mbangun niyat ingkang kiyat mujudaken gesang minangka
paseksi Injiling Kristus dhateng sesami. |*GPY
