+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 12 September 2026 Minggu Limrah

Purwaning Dumadi 45:1-20; Jabur 103:8-13; Mateus 6:7-15

MBUCAL SERIK, ASUNG PANGAPUNTEN
“Nanging menawa kowe ora ngapura marang wong, Ramamu iya
ora bakal ngapura kaluputanmu”
(Mateus 6:15)

Sakjane mono Trisno mangkel lan serik nalika kelingan wongtuwane
sing rumangsane kejem merga biyen meksa dheweke sinau lan ngrewangi
wongtuwa ngrampungi gaweyan omah sakdurunge dolan. Mula biasane
Trisno mung bisa dolanan sadhela; durung nganti marem dolanan, jebul wis
surup lan wayahe bali. Nalika bisa ngrasakake paedahe, saiki dheweke mbaka
sithik mbuwang rasa serik marang wongtuwane neng atine, diganti rasa
urmat lan tresna; kaya jenenge.
Temtunipun sang Yusuf punika ugi nggadhahi pangraos kados dene
manungsa limrahipun. Nalika kemutan dhateng prastawa anggen piyambakipun
kalarak, kacemplungaken sumur, kasade dhateng kapilah Ismael, kasade
malih dhateng Potifar ngantos kinunjara karana pamitenah semahipun
Potifar; temtu sang Yusuf ngraosaken serik lan tuwuh pitakenan ing saklebeting
manah: kenging punapa kedah piyambakipun ingkang nglampahi sadaya
panandhang punika. Nanging nalika sadaya sampun kelampahan, sang
Yusuf nembe saged mangertos bilih Gusti Allah ngersakaken samudayanipun
kedah kelampahan kangge ndhatengaken kasaenan kangge tiyang kathah,
mirunggan kangge brayatipun. Lan lumantar sang Yusuf, Gusti Allah netepi
prasetyanipun dhateng rama Abraham bilih turunipun badhe dados kathah
cacahipun. Mila sang Yusuf purun nampi kakang-kakangipun.
Kados dene sang Yusuf ingkang saged mbucal raos serik lan paring
pangapunten dhateng brayat ingkang tumindakipun nalika semanten
ndhatengaken panandhang ing gesangipun, kita ugi katimbalan saged
paring pangapunten dhateng sesami ingkang damel kalepatan dhateng kita.
Nalika mucal ndedonga, Gusti Yesus nedahaken bilih menawi nyuwun
pangapuntening dosa saking Gusti Allah, manungsa kedah langkung rumiyin
purun paring pangapunten dhateng sesaminipun. Donga Rama Kawula punika
nedahaken bilih menawi manungsa boten purun mbucal serik lan asung
pangapunten, Gusti Allah sumbering gesang lan kawilujengan ugi boten
karenan ngapunteni kalepataning manungsa. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *