+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 11 September 2026 Minggu Limrah

Purwaning Dumadi 41:53-42:17; Jabur 103:8-13;
Lelakone Para Rasul 7:9-16

REMEN TEMEN
“Sang Yusuf lajeng utusan mboyongi ingkang rama Yakub saha sadaya
sanak sadherekipun, cacah jiwa wonten pitung dasa gangsal”
(Lelakone Para Rasul 7:14)

Sakrampunge njupuki barang-barang, Trisno pamitan karo kanca-kancane
neng kos lawas. Karo ngonthel alon-alon, Trisno ngaturake rasa panuwune
marang Gusti Allah lan wongtuwane sing wis ngulinakake dheweke dadi
bocah temen. Trisno kelingan anggone mung bisa nyawang kancane sing
pit-pitan mrana-mrene lan dolanan layangan nalika dheweke ngrewangi
bapakne mbenekake gendheng mlorot lan ngrewangi ibune nyapu latar.
Amarga kulina sregep lan resikan mula nadyan ora sampurna nanging Trisno
bisa njaga kos dadi papan sing resik lan sehat. Lan nalika dheweke pindhah,
kancane ora dha temen resikan mula ana sing lara; malah nganti kudu opname.
Boten wonten ingkang remen ngadhepi prekawis utawi nyanggi momotan
ingkang awrat. Bokmenawi sadaya tiyang punika kapengin gesangipun sarwa-
sarwi sakeca tanpa nemahi prekawising gesang. Nanging sumangga nggatosaken
bilih sadaya punika mbetahaken pambudidaya ingkang boten ngremenaken.
Mila tembung “jer basuki mawa beya” utawi “neng donya ora ana sing gratis”
boten lepat. Menawi sami “alergi” dhateng rekaosing pambudidaya, manungsa
boten badhe ajeg kemawon lan boten badhe ngalami ewah-ewahaning
gesang. Manungsa kedah temen mbudidaya, sinaosa pancen ngrekaos.
Waosan Kitab Suci nelakaken bilih menawi sang Yusuf boten dipun sade
dhateng kapilah Ismael, piyambakipun boten saged dumugi Mesir. Menawi
boten dumugi Mesir, sang Yusup boten badhe saged dados priyagung Mesir
ingkang nyimpen panenan pitung taun dangunipun kangge ngadhepi pitung
taun pailan. Menawi sang Yusup boten nyimpen panen, kathah tiyang kalebet
Yakub lan tedhak-turunipun badhe sami pejah. Mila sampun ngantos “alergi”
dhateng rekaosing pambudidaya kangge mujudaken gesang ingkang langkung
prayogi. Sumangga sami remen temen nyambut-damel, njagi tetedhan
ingkang mlebet dhateng padharan lan rutin olahraga supados tansah sehat
ngantos dumugi sepuh. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *