+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 22 Mei 2026 Minggu Paskah VII

Pangentasan 19:16-25; Jabur 33:12-21; Rum 8:14-17

DADOS PUTRANIPUN ALLAH
“Kabeh wong kang katuntun dening Rohe Gusti Allah, iku dadi
putrane Gusti Allah, awit kowe padha ora nampani rohing pangawulan
kang njalari kowe dadi wedi maneh…”
(Rum 8:14,15)

Manungsa ingkang mangertos bab “dalan padhang”, inggih margining
karahayon peparingipun Allah, mesthi anggadhahi pepenginan dados
putranipun Allah. Adeg putraning Allah punika dados ahli waris, ingkang mesthi
nampi warisan gesang langgeng. Lah kados pundi jalaranipun saged dados
putraning Alllah ?
Rasul Paul ngajak para tiyang kristen sageda mbedakaken kadospundi
tata gesang rikala dereng pitados dhateng Gusti Yesus lan sasampunipun.
Ing wekdal saderengipun pitados, tiyang-tiyang wau sami ngawula dhateng
Toret, dipun reh dening Toret, raosing manahipun tansah was sumelang
bab paukuman jalaran boten sampurna anggenipun sami nindakaken Toret.
Sasampunipun pitados dhateng Gusti Yesus, gesangipun boten kaancam
malih ing bab paukuman, sampun uwal saking anggenipun dados abdining
Toret lan sapunika madeg dados traning Allah. Minangka putraning Allah
sedaya karingkihan lan kekirangan saha dosan kita sampun kaapunten,
katebus lantaran kurbanipun sang Kristus. Awit pitadosipun dhateng sang
Kristus, mila Rohipun Allah mulihaken sesambetanipun manungsa klayan
Allah. Patrap makaten punika mujudaken kekeranipun Allah ingkang namung
saged kita pitadosi kemawon.
Sanes namung mulihaken sesambetan kita klayan Sang Kristus ngantos
kita saged madeg dados putraning Allah, nanging Rohipun Allah wau ugi nuntun
kita supados tetep setya dhateng Allah lan mbangun-turut ing sakarsanipun
Allah.
Krana kita putranipun Allah, mila kita ugi wajib terus-terusan purun
katuntun dening Roh Suci. Pratanda yen kita tetep dados putraning Allah inggih
punika tansah sumadhiya katuntun dening Rohipun Allah kangge gesang ing
pambangunturut dhateng Allah. Amin. |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *