Pangentasan 19:1-9a; Jabur 033: 12-22; Lelakone Para Rasul 2:1-11
PINIJI DADOS KEKASIHIPUN ALLAH
“Kang iku saiki, menawa sira padha ngestokake dhawuhingSun
kalawan temen-temen sarta padha netepi prasetyaningSun, mesthi sira
pada dadi kekasihingSun pinilih saka ing antarane sakehe bangsa,
awit salumahing bumi iku kagunganingSun”
(Pangentasan 19:5)
Tresnanipun Gusti Allah dhateng sedaya manungsa lan sedaya bangsa
sampun nyata. Allah mberkahi sedaya bangsa tanpa mbeda-bedakaken.
Nanging manawi kita nyatitekaken bab kaadilanipun Allah, tetep nyata bilih
Allah kagungan panglimbang tertemtu kangge nemtokaken sinten ingkang
kepareng nampi kanugrahan gesang langgeng. Pranyata boten namung
ingkang gadhah pangandel dhateng Allah, nanging pangandel wau kedah
kinanthenan mituhu; ngestokaken dhawuhipun Allah.
Sabdanipun Allah dinten punika, paring piwulang bilih Panjenenganipun
kepareng paring ganjaran dhumateng umat ingkang saestu mituhu lan
ngestokaken dawuhipun badhe kapiji minangka kekasihing Allah.
Ing jamanipun nabi Musa, ngestokaken dhawuhipun Allah, tegesipun
setya nengga rawuhipun Allah ing gunung Sinai lan satuhu nyepengi
prajanjinipun Allah ingkang badhe ngandika saking tengahipun mendhung
lelimengan lan gludhug ageng sesautan (ayat 9). Sikepipun umat ingkang
setya dhateng Allah lan teguh nggondheli prasetyanipun, dados dhasar
anggenipun Allah milih umat saking antawisipun bangsa-bangsa dados umat
kekasihipun Allah. Umat ingkang pinilih dados kekasihipun Allah wau dipun
keparengaken nampi angger-angger ing Sinai. Lan lantaran umat kekasihipun
Allah wau ugi, bangsa-bangsa sanesipun saged nampi piwucal bab angger-
anggeripun Allah ingkang katampi wau.
Kula lan panjengan sami sampun kapiji minangka umat kagunganipun.
Dosa lan kalepatan kita sampun katebus dening Panjenenganipun. Krana kita
sampun dados umat kekasihipun Gusti, mila kita kedah nyatakaken sikep setya
dhateng Gusti lan tansah ngundhangaken pranatan-dhawuhipun Gusti dhateng
sedaya tiyang supados sami mangertosi lan nindakaken dhawuhipun Gusti.
Amin. |*BP
