+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 20 Mei 2026 Minggu Paskah VII

1 Para Raja 8:54-65; Jabur 99 ; Yokanan 3:31-36

KAADILANIPUN ALLAH
“Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iya nduweni urip langgeng,
nanging sing sapa ora mituhu marang sang Putra, iku bakal ora weruh ing
urip, nanging malah langgeng anggone kataman ing bebeduning Allah”
(Yokanan 3:36)

Ngrembag bab kaadilan punika saged nuwuhaken maneka warni pamanggih.
Wonten ingkang mawas bilih adil punika menwi nampi bagian ingkang sami
cacahipun, wonten ingkang nganggrp adil punika uman wrata lan tapis,
kabeh entuk bagian sanadyan beda-beda gunggunge, undha-usuk gedhe lan
cacahe, mawa-mawa kahanane. Nanging ugi wonten pamawas adil iku cara
hukum : yen salah ya diukum, dene yen ora salah ya ora diukum.
Ing waosan Yokanan 3:31-36 kita nampi piwucal bab kaadilanipun Gusti
Allah. Cetha kapangandikakaken sinten ingkang pitados dhateng Sang Kristus
nampeni gesang langgeng, dene ingkang boten badhe nampi bebendu/
ukuman langgeng. Punika patrap kaadilanipun Allah!
Pangandika “sing sapa pracaya” punika nedahaken bilih Allah paring
kamardikan dhateng manungsa kangge milih; badhe pitados utawi boten.
Ingkang menika menawi kelampahan nampi bebendhu, punika amargi
pilihanipun piyambak, sanes lepatipun Allah! Mila cetha, urip langgeng badhe
dipun tampi boten namung menawi manungsa punika pitados makaten
kemawon, ananging kedah pitados lan mituhu. Miturut Serat Yakobus 2:20-
24 cetha bilih pangandel kang tanpa panggawe iku namung kothong kemawon.
Mila pracaya inggih kedah kinanthenan pandamel mituhu Allah.
Begja kula lan panjenengan sami pitados dhateng Gusti Yesus Kristus
sang Juru Wilujeng. Ewasemanten sampun ngantos krana begja lajeng
gumunggung rumaos mesthi slamet ing Gusti Yesus. Jalaran kita taksih kedah
ndadar lan neter manah kita, punapa pitados kita sampun temen-temen
kinanthenan mituhu ing Allah, kinanthenan caos panuwun dhateng Allah
ingkang kabukten wonten ing amal kasanenan, awujud pambangunturut
dhateng Allah! Apa aku wus pracaya kinantenan mituhu ing Allah? Amin. |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *