Lelakone Para Rasul 1:6-14; Jabur 68:1-10;32-35;
1 petrus 4:12-14; 5:5-11; Yokanan 17:1-11
GESANG LANGGENG
“Wondene menggah gesang langgeng punika manawi tiyang
sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sejati piyambak,
sarta dhateng Yesus Kristus utusan Paduka”
(Yokanan 17:3)
Makaping-kaping anggenipun Kitab Suci nyathet tembung “urip langgeng”.
Upaminipun, wonten ing Yokanan 3:16, mucalaken sinten ingkang pitados
dhateng Gusti Yesus, boten badhe nemahi karisakan nanging “duweni urip
langgeng”. Ugi nalika tiyang nem-neman miterang dhateng Yesus babagan
lampah ingkang saged njalari gesang langgeng, lan nem-neman punika apal
ngucapaken angger-anggering katresnan, Gusti Yesus paring pangandika
supados sadaya punika dipun lampahi kanthi saestu. Srana nindakaken
katresnan ing gesang padintenan tiyang badhe gesang.
Kathah tiyang pitados ingkang nggadahi pamanggih bilih gesang langgeng
punika kawontenanipun tiyang ingkang boten badhe tilar donya, nggadahi
umur panjang tanpa wates. Kasunyatanipun Kitab Suci mucalaken bilih gesang
langgeng boten magepokan kaliyan gunggunging umur ingkang kathah
tanpa wates.
Injil Yokanan 17:3 mucal bilih gesang langgeng estunipun sesambetan
klayan kwalitas, mutu, maknaning gesang ingkang wanuh klayan Gusti Yesus
ingkang jumeneng pinangka Juruwilujeng. Gesang langgeng mratelakaken
kawontenaning gesangipun manungsa ingkang anggadhahi sesambetan
ingkang leres kaliyan Gusti Allah wonten ing Sang Kristus.
Gesang langgeng punika peparingipun Gusti Allah. Lan nindakaken angger-
anggering katresnan punika dados wujuding gesang ingkang winengku dening
sih rahmatipun Gusti. Awit nedahakan wontenipun sesambetan ingkang leres
antawising Allah lan sesami. Amin. |*BP
