+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 16 Mei 2026 Minggu Paskah VI

2 Para Raja 2:13-15; Jabur 93; Yokanan 8:21-30

GUSTI ALLAH PARING PAUKUMAN ?
“Mulane Aku mau tutur marang kowe, manawa kowe bakal padha mati
sajroning dosamu. Amarga manawa kowe padha ora ngandel yen Aku iki
Panjenengane, wus mesthi kowe bakal padha mati ing sajroning dosamu”
(Yokanan 8:24)

Minangkaperangan saking pangibadah ingkang mujudaken sarana pangrimating
kapitadosan, wedharing sabda (khotbah) punika kedah mbabaraken
kersanipun Allah adhedasar Kitab Suci. Awit kedah mbabaraken kersanipun
Allah, pramila isining khotbah punika boten namung perkawis ingkang damel
remen kemawon. Wonten ugi pameleh, pepenget, pangatag punapa dene
bebendhu saking Gusti.
Waosan dinten punika nelakaken bebendhu ingkang badhe katampi
dening umat awit dosanipun. Dene dosa ingkang njalari kelampahaning
paukumanipun Gusti boten sanes menawi manungsa boten ngakeni bilih
Gusti Yesus punika pinangkanipun saking swarga, saking ngaluhur, tanpa
dosa. Panampikipun manungsa dumateng asal-usulipun Gusti Yesus punika
badhe ndhatengaken paukuman pejah.
Saking ngriki cetha bilih piwucalipun Gusti Yesus boten namung isi
pratelan bab karahayom peparingipun Gusti. Isining Kitab Suci sanyatanipun
boten namung perkawis ingkang damel ayem lan nyondhongi dumateng
pepinginanipun manungsa kemawon. Nanging ugi isi pameleh lan pepenget
bab bebendhu ingkang badhe kadhawahaken dening Gusti tumrap tiyang
ingkang nampik Panjeneganipun.
Pramila, lepat yen kita nganggep piwucalipun Gusti namung isi bab-bab
ingkang mbingahaken kemawon. Caranipun Gusti ngrimati kita boten
namung kanthi alus lan damel senenging ati kemawon. Ananging ugi kanthi
melehaken lan sage dugi kanthi paring paukuman supados kita sami mratobat.
Sumangga nampeni sedaya piwulangipun Gusti kanthi nglenggana. Amin |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *