+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 15 Mei 2026 Minggu Paskah VI

2 Para Raja 2:1-12; Jabur 93; Efesus 2:1-17

AMAL PUNIKA BOTEN MILUJENGAKEN
“Sebab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahmat
marga saka pracaya; lan dudu wohing pambudidayamu, nanging
peparinge Gusti Allah, iku dudu wohing panggawemu;
aja ana wong kang gumunggung.”
(Efesus 2:8-9)

Sawetawis agami mucalaken bilih amal-kasaenaning manungsa punika
saged dados srananipun manungsa wilujeng. Mila tiyang lajeng sami ngudi
kangge kathah nindakaken amal kasaenan. Lajeng, kados pundi mungguhing
para pitados (tiyang Kristen)?
Wonten ing seratipun Rasul Paulus mucalakaen bilih kawilujenganipun
tiyang pitados boten krana nindakaken amal kasaenan. Pancen amal kasaenan
wigatos minangka bukti raos sukor kita awit sampun dipun paringi kawilujengan.
Ananging piwucal Kristen nelakaken bilih manungsa badhe kawilujengaken
sauger sami anggadhahi sesambetan ingkang leres lan raked kaliyan Gusti
Yesus. Dhasaripun inggih punika raos pitados dhateng Sang Kristus (Yok.3:16).
Kanthi gamblang Rasul Paulus mucalaken menawi kawilujengan mujudaken
kanugrahan sih-rahmatipun Allah margi anggenipun manungsa pitados dhateng
Gusti Yesus.
Kawilujengan mujudaken Sih Rahmatipun Gusti tumraping kita ingkang
pitados dhateng Panjenenganipun. Tumraping kita ingkang sampun ngraosaken
kaparingan kawilujengan, sumangga kita pratelakaken raos syukur punika
srana nindakaken kasaenan dumateng sedaya titah.
Sinaosa amal kasaenan boten milujengaken nanging tetep wonten
paedahipun awit saged njalari kabingahaning liyan, saged saged nglestantunaken
tatananing alam jembar punika. Kejawi punika, amal kita ugisaged ndhatengaken
kabingahan tumrap kita piyambak. Pandamel sae ugi mujudaken raos sokur
dhumateng Gusti lan nelakaken pangabekti dhumateng Gusti. Pramila
sumangga ing salebeting pitados kita, kita terus lan tetep nindakaken kasaenan
murih asmanipun Gusti tansah kaluhuraken. Amin. *BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *