+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 9 April 2026 Minggu Paskah I

Musthikaning Kidung 2:8-15; Jabur 16; Kolose 4:2-5

NYLAMETAKE KEBON ANGGUR
“Aku padha cekelna asu wawar iku, asu wawar kang cilik, kang ngrusak
pakebonan anggur, pakebonan anggurku kang nedhenge kembang!”
(Musthikaning Kidung 2:15)

Musthikaning Kidung punika kitab ingkang ngewrat kelairing katresnan
ing antawisipun tiyang jaler lan tiyang estri utawi ingkang nembe kasmaran.
Ing Kitab Suci basa Jawi padintenan wonten perangan ingkang sinebat
penganten lanang lan penganten wadon. Dene ing Alkitab bahasa Indonesia
sehari-hari sinebat pria lan wanita. Dados cetha sinten ingkang ngucapaken
pitembungan punika, penganten jaler punapa penganten estri.
Pitembungan punika dipun ucapaken gilir-gumantos.
Tiyang Yahudi limrahipun mastani kidung-kidung ing kitab punika
nelakaken sesambetan ing antawisipun Gusti Allah lan umatipun. Dene
tiyang Kristen mastani kidung-kidung punika nelakaken sesambetan ing
antawisipun Sang Kristus lan pasamuwanipun (kebon anggur).
Musthikaning Kidung 2:15 nelakaken bab kebon anggur ingkang nembe
nedheng-nedhengipun kembang dipun risak dening segawon wawar (Ind.
Rubah). Temtu ingkang gadhah kebon anggur boten remen, awit boten
saged ngundhuh wohipun ingkang mesthinipun badhe ndhatengaken
rejeki.
Manawi kebon anggur punika kita tampi minangka pasemon ing bab
pasamuwanipun Gusti, pasamuwan punika ngalami gangguan. Pasamuwan
ingkang kaantos-antos ngedalaken woh kaancam gagal awoh, boten saged
gesang sembada kados karsanipun Gusti. Kathah bab ingkang murugaken
pasamuwan boten ngedalaken woh, upaminipun gangguan saking
sakjawining pasamuwan, malah wonten ugi ingkang saking pasamuwan
piyambak. Gangguan saking jawi upaminipun: tiyang-tiyang ingkang boten
remen dhateng pasamuwan sanadyan warganing pasamuwan tansah
srawung kaliyan masyarakat lan nggatosaken kabetahaning masyarakat.
Menawi wonten ganguan saking jawi, pasamuwan kedah manunggil
ngadhepi gangguan punika tanpa kekerasan. Pasamuwan kedah kiyat lan
saeka-kapti nyingkiraken gangguan punika kanthi sae, sopan, boten nerak
pranatan, boten malah ndadosaken tiyang-tiyang punika sami antipati.
Amin. |*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *