L. Para Rasul 10:34-43 / Yeremia 31:1-6; Jabur 118:1-2, 14-24;
Kolose 3:1-4; Yokanan 20:1-18 / Mateus 28:1-10
TEPANG SWANTENIPUN
“Gusti Yesus tumuli ngandika: ”Maryam!” Maryam banjur minger
sarta munjuk ing basa Ibrani: “Rabuni!” Jarwane: Guru”
(Yokanan 20:16)
Ing jagading komunikasi modern kita sami mangretos ingkang
naminipun smartphone utawi gadget. Pirantos punika saged mbiyantu kita
anggenipun nampi lan ngintun pesan, gambar, swanten lan viceo. Kanthi
mirengaken swanten ing audio ingkang kita tampi kadhangkala kita saged
mangertos punika swantenipun sinten, menawi kita sampun tepang utawi
mangertos tiyang punika. Menawi dereng tepang utawi dereng mangertos
sinten punika, kita saged kapusan. Mila kathah tiyang ingkang sami
kapusan. Sampun tepang kemawon saged kapusan, punapa-malih dereng
tepang.
Maryam Magdalena ingkang kuwur manahipun awit rumaos kecalan
Gustinipun, ngadeg ing sacelaking pasarean kanthi nangis. Mripatipun
katutupan ing luh, temah boten mangertos aben ajeng kaliyan sinten.
Maryam pancen sumerep wonten malaekat kalih ingkang ngendika kaliyan
piyambakipun. Anggenipun ngendika sajakipun kaliyan ngungkuraken
pasarean, temahan mboten mangertos punapa ingkang kedadosan
saklajengipun. Malaekat punika ndangu, “Ibu, kena apa kowe nangis?”
Gusti Yesus ugi maringi pandangu ingkang sami, nanging dipun wewahi
tembung: “Kowe nggoleki sapa?” kalajengaken nimbali: “Maryam!” Mireng
naminipun dipun sebut Maryam lajeng minger (madhep pasarean). Wekdal
punika Maryam nembe mangertos bilih ingkang nimbali punika Gustinipun,
lajeng munjuk: “Rabuni!” ingkang tegesipun Guru. Mbok manawi sampun
dados padhatanipun Maryam lan para sakabat anggenipun matur “Guru”
dhumateng Gusti Yesus.
Ing saklebeting manah kuwur kita asring mboten mangertos
swantenipun sinten ingkang ndangu kita, swantenipun Gusti Yesus punapa
swantenipun tiyang ingkang apus-apus, temah kita saged klentu, kapusan.
Mangga kita sami nggatosaken “swantenipun” Gusti Yesus supados tansah
wilujeng, inggih punika pangandikanipun ingkang sinerat wonten ing Kitab
Suci. Amin. |*WSMS
