Yeremia 2:4-13; Jabur 81; Yokanan 7:14-31, 37-39
MAWAS KLAWAN ADIL
“Anggonmu ngukumi aja manut apa kang katon,
nanging ngukumana kanthi adil”
(Yokanan 7:24)
Miturut Kamus Besar Indonesia, tembung adil punika ngemu pangertosan
satimbang; boten memihak utawi mban cindhe mban silandan; saemperipun lan
boten ndak wenang. Bebasan sama rata sama rasa. Sanajan netral; boten bot
sih, saestunipun patraping adil punika kedah nyingkuri kadurakan lan mbelani
kayekten.
Sami-sami anggenipun nindakaken colong jupuk (pencurian), Mbah
Asyani, ingkang kadakwa nyolong kayu jati cacah pitu ingkang reginipun
seket ewu, nampi pidana setunggal tahun kinunjara lan denda gangsal atus
juta. Wondene Abdul Muis, ingkang korupsi (nyolong arta negara) ngantos
tigang atus trilyun, namung nampi pidana enem setengah taun. Kamangka
menawi dipun gatosaken anggenipun yasa kayu punika sadermi kangge
dipan piranti pijet, pangupa jiwaning Mbah Asyani. Punapa malih miturut
pangakening Mbah Asyani bilih kayu punika kagunganipun piyambak
ingkang pinangkanipun saking pategalanipun piyambak saderengipun dipun sade.
Wosipun pamawasing adil punika boten ngemungaken tinalesan punapa
ingkang katingal kemawon, ananging ugi perangan ingkang boten katingal.
Kados ijemanipun nas: “Anggonmu ngukumi aja manut apa kang katon,
nanging ngukumana kanthi adil”. Sami kaliyan patrapipun tiyang Farisi
nalikanipun njeksani Gusti Yesus ingkang kadakwa nerak angger-anggering
sabat amargi nyarasaken tiyang ing dinten sabat. Parandene piyambakipun
ingkang ugi nethaki tiyang ing dinten sabat boten kapethang nerak angger-
angger sabat. Kamangka saestunipun punapa ingkang katindakaken dening
Gusti Yesus anggenipun nyarasaken tiyang ing dinten sabat punika njurungi
ing kebabaring sabat. Inggih punika anggenipun sami kepareng mulihaken
kawontenaning manungsa ingkang kacetha ing dhawuh: ing dina iku sira aja
nyambut gawe, iya sira iya anakira lanang lan wadon, iya baturira lanang
lan wadon, dalasan kewanira, apadene wong liya kang ana ing papan
panggonanira, satemah nampeni pulihing kekiyatanipun malih. Mawasa
klawan Adil. |*AJ

1 Comment
materi ajar sekolah minggu remaja bulan maret 2026