+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 13 Januari 2026 Minggu Limrah

Yeremia 1:4-10; Jabur 89:5-37; Lelakone Para Rasul 8:4-13

KUDU MANGKAT
“Ewadene Sang Yehuwah ngandika marang aku: Sira aja matur: Kawula
punika taksih enem, nanging menyanga enggone sapa bae sira Sunutus,
sira kudu mangkat, lan apaa bae kang Sundhawuhake marang sira,
kudu sira tekakake.”
(Yeremia 1:7)

Saben-saben kita mireng wangsulan “kula taksih enem, dereng pengalaman,
kula tiyang bodho, mangke kemawon menawi sampun longgar”, lan
sapituruipun. Wangsulan punika limrahipun kapireng nalika ing gereja nembe
ngawontenaken timbalan lelados ing kapradatan.
Nalika Gusti Allah nimbali Yeremia dados nabi, Yeremia ugi lajeng atur
wangsulan “Dhuh Pangeran Yehuwah! Sajatosipun kawula punika boten
saged wicanten, awit kawula taksih nem.” (Yer. 1:6) Nanging Gusti Allah
nandhesaken bilih boten daya utawi umuripun manungsa ingkang
dipunpirsani dening Panjenenganipun. Ingkang dipunpirsani inggih punika
kesagahanipun nindakaken dhawuhipun Gusti. Awit nalika Panjenenganipun
paring dhawuh, Panjenenganipun boten badhe nilar ananging mesthi badhe
nganthi lan mitulungi malah kepara muwuhi trep kaliyan kabetahanipun.
Panjenenganipun sampun pirsa kita punika sinten “Sadurunge Ingsun nggatra
sira ana ing guwa garbane biyungira, Ingsun wus nguningani sira, lan sadurunge
sira metu saka ing wetengan, Ingsun wus nyengker sira….” (Yer. 1:8).
Perkawis punika temtu endah lan ngiyataken kita setunggal lan setunggalipun,
menawi saged karaosaken kanthi lebet. Menawi Gusti ngandika kudu mangkat,
kita kedah purun bidhal, awit Panjenenganipun mesthi badhe tansah nganthi
lan mitulungi. Asring, kita rumaos boten pantes utawi rumaos boten saged
nalika Gusti nimbali leladi. Kita namung njinggleng ing raos ajrih, ringkih lan
cubluking nalar budi kita. Kamangka nalika kita purun nampi timbalanipun
Gusti, Panjenenganipun sampun nyawisaken punapa kemawon ingkang kita
betahaken. Gusti Allah boten nimbali tiyang pinter, tiyang lantip, tiyang sugih
lan tiyang sampurna. Ananging Panjenenganipun nimbali saben tiyang
ingkang purun ngrumaosi diri bilih piyambakipun winates lan sagah netepi
dhawuhipun kanthi pitados bilih Gusti badhe tansah mitulungi. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *