+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 10 Agustus 2024 Minggu Limrah XIII

II Samuel 15:1-13; Jabur 130; Mateus 7:7-11

INGKANG WIGATI

Cara kang kaya mangkono iku ditandhukaken Pangeran Absalom

marang sakehe wong Israel kang arep sowan Sang Prabu nyuwun pangadilan. Kanthi patrap mangkono anggone Pangeran Absalom

mikat atine wong Israel.” (2 Samuel 15:6)

Absalom nggadhahi kaunggulan minangka pamimpin. Absalom sampurna ing dedegipun, mboten wonten cacatipun. Absalom ugi nggadhahi kekendelan, ketelatenan anggenipun nanggapi tiyang Israel, grapyak lan tamtu kemawon kaprigelan anggenipun mikat manahipun tiyang Israel. Absalom kasil ngempalaken bala ingkang kathah sanget. Damel tiyang Israel nyingkur saking Sang Prabu Dawud punika perkawis ingkang mboten gampil, awit Sang Prabu Dawud punika nggadhahi kaunggulan ingkang mbekta Israel tumuju ing kejayaan. Ewasamanten, Absalom kasil mikat manahipun tiyang Israel.

Emanipun, potensi, karisma, kaprigelan lan kaelokanipun Absalom ingkang sampurna punika mboten dipun imbangi kaliyan watak ingkang sae.  Absalom ngrebut punapa ingkang sanes hakipun. Absalom “mempromosikan/ngangkat dhiri” sakderenge wekdalipun. Absalom mengkudeta ramanipun piyambak. Ugi, Absalom wantun ngganggu tiyang ingkang jinebadan dening Gusti. Bab punika ingkang njalari Absalom ingkang “sampurna” punika dados muspra. Ing tembenipun Absalom pejah  kanthi kawontenan ingkang melasi.

Cariyosipun Absalom punika dados piwucal tumrap kita sedaya. Ngengetaken bilih kadospundikemawon watak punika langkung wigatos katimbang sanesipun. Tanpa watak ingkang sae, potensi, karisma, kaprigelan ingkang ngedapedapi mboten badhe awet, malah muspra. Sumangga kita fokus kangge mbangun sikep saha  watak ingkang sae ing gesang kita inggih punika watak ingkang saemper Sang Kristus. Namung  kanthi nggadhahi watak ingkang sae, mila Gusti badhe ngangkat lan mbekta kita wonten ing kasaenan. Supados kita nggadhahi watak ingkang sae, kita kedah mbudidaya lan nyenyuwun dhumateng Gusti. Sok sintena ingkang nyenyuwun, tamtu badhe nampi. (Mateus 7:7). |*SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *