+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 9 Agustus 2024 Minggu Limrah XIII

II Samuel 14:25-33; Jabur 130; Galati 6:1-10

PADHA TULUNG TINULUNGANA

Padha tulung-tinulungana ing bot repot! Iya kaya mangkono iku

anggonmu netepi ing angger-anggering Sang Kristus.” (Galati 6:2)

Bapa greja Agustinus nedahaken bilih: “Katresnan kuwi nduweni tangan kanggo mitulungi wong liya, katresnan iku nduweni sikil kanggo tumuju wong kang miskin, katresnan iku nduweni mripat kanggo ndeleng kabutuhaning liyan, katresnan nduweni kuping kanggo ngrungokake sambate wong kang sangsara.” Katresnan punika nggadhahi asta, suku, paningal lan talingan ingkang mboten namung saged kita ginakaken kangge dhiri kita piyambak, ananging ugi saged kita ginakaken kangge nggayuh sok sintena ing kanan kering kita.

Waosan dinten punika njlentrehaken kadospundi kita nindakaken dawuhipun Sang Kristus. Mboten namung kangge dhiri kita piyambak, ananging ugi dateng tiyang sanes ing kanan kering kita. Punapa ingkang dipun lampahi inggih ruwet rentenging gesang, kasisahan, dhawah ing dosa, lan kasangsaran, nyatanipun saged kita alami ing gesang kita. Gesang punika kados rodha ingkang ngglinding, kadhang wonten ngandhap, kadhang kala wonten inggil.  Pramila sampun ngantos gumunggung rikala nembe sakeca utawi wonten ing ngginggil.

“Ing saindenge tanah Israel ora kang kaloking bagusi munjuli Pangeran Absalom. Wiwit saka dlamakan nganti tutug ing embun-embunan ora ana cacade babar pisan.” (2 Sam 14:25-27). Punapa ingkang wigati kita sinaoni? Inggih punika bilih iba agengipun Allah nitahaken Absalom kanthi sedaya bakat, karisma, kaelokan, kaprigelan mimpin tiyang sanes, ananging mboten ngagem piyambakipun dados pamimpin Israel. Sedaya kaluwihan punika muspra menawi namung kaagem kangge mbujeng pikajengipun piyambak. Gesang tulung-tinulung mbetahaken sikep andhap asor, mboten gumunggung utawi mbujeng pikajengipun piyambak. Supados punapa ingkang kita gadhahi sageda ngluhuraken asmanipun Gusti Allah, kalebet kangge mitulungi tiyang ingkang mbetahaken pitulungan. Rikat punapa randhat estunipun kita badhe ngeneni punapa ingkang kita sebar (Gal. 6:8) Pramila sumangga kita nyebar perkawis lan tumindak ingkang prayogi. |*SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *