+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 8 Agustus 2024 Minggu Limrah XIII

II Samuel 13:37-14:24; Jabur 130; Rum 15:1-6

PANGAPUNTEN INGKANG BOTEN TULUS

Nanging Sang Prabu ngandika: “Absalom kareben njujug ing

omahe dhewe, aja nganti sowan ing ngarsaningsun.” Dadine

Pangeran Absalom njujug ing daleme lan ora sowan marang Sang Prabu.”

(II Samuel 14:24)

Tumindak ingkang dipun lampahi kanthi boten tulus punika mboten sae. Rekonsiliasi punika endah, ananging muspra manawi katindakaken kanthi boten tulus. Ngapunteni punika sae, ananging menawi katindakaken kinanthenan boten tulus mboten wonten ginanipun. Saumpami negor wit mboten ngantos dumugi oyotipun, ing satunggal wekdal mesthi badhe thukul malih. Makaten rekonsiliasi ingkang boten tulus antawisipun Dawud lan Absalom. Dawud sejatosipun kangen dhateng Absalom ananging mboten kuwagang ngakeni, ing sisih sanes taksih nyimpen duka tumrap tumindakipun Absalom mejahi sedherekipun piyambak. Kanthi trik ingkang karancang Yoab, pungkasanipun Dawud ngidini Absalom wangsul dhateng Israel. Namung kemawon, Dawud mboten ngidini Absalom sowan ing ngarsanipun.Kangen nanging taksih sengit. Ngapunteni nanging dereng tulus. Kawontenan punika kelampahan ngantos kalih tahun. Absalom frustasi lan sejatosipun langkung milih manggen ing Gesur tinimbang wangsul ananging dipun kendelaken. Sinaosa Absalom kapareng sowan ing ngarsanipun Prabu Dawud, ananging nuwuhaken sengit ingkang ing tembenipun nuwuhaken kudeta.

Ing gesang kita kadhangkala kita kedah ngalami konflik. Ing ngriku tuwuh bibit-bibit sengit utawi akar kepaitan. Menawi punika kelampahan, solusi ingkang prayogi inggih punika rekonsiliasi utawi mulihaken sesambetan. Sinau saking cariyos Dawud lan Absalom, ampun ngantos rekonsiliasi kita katindakaken kanthi setengah ati. Ngapunteni nanging taksih ngundhat-undhat kaluputan ing mangsa kepengker. Pangapunten setengah ati tamtu badhe nuwuhaken kepaitan malih, temahan tumindak punika dados tanpa paedah. Pramila kita kedah mbudidaya ngapunteni kanthi sakwetahipun lan rukun dhateng sesami  kados ingkang dipun karsakaken dening Sang Kristus (Rum 15:5). |*SAR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *