II Samuel 6:1-5, 12b-19; Jabur 24; Efesus 1:3-14; Markus 6:14-29
KAWEDEN AMARGA TUMINDAKE SING SALAH
“Krungu kandhané wong sing werna-werna mau Sang Prabu Hérodès ngandika: “Kuwi Nabi Yohanes. Mauné prejurit-prejurit wis dakkon
nugel guluné, nanging banjur urip menèh” (Markus 6:16)
Tumindak salah iku bisa ndadekne rasa wedi. Krungu pawarta bab pakaryane Gusti Yesus, Sang Prabu Herodes langsung ngendika menawa iku Nabi Yohanes, sing maune para prejurite wis dikongkon nugel gulune, nanging banjur urip maneh manjalma ing Gusti Yesus. Prabu Herodes ngrumangsani tumindake salah. Nanging rasa salah iku ora ndadekne Sang Prabu Herodes ngesorake dhiri lan mratobat ing ngarsane Gusti.
Kwasa sing paring dhawuh mateni wong iku kaluputan sing gedhe banget. Yen ing tembung saiki, bisa klebu pelanggaran hukum berat, dadi urusane KOMNAS HAM. Ing jamane Sang Prabu Herodhes durung ana KOMNAS HAM, nanging dheweke ora bisa selak karo pangrasa atine dhewe sing ndakwa, menawa tumindake salah gedhe, nalika diwelehke dening Nabi Yokanan Pembaptis amarga ngrebut bojone adhine malah nglebokake Nabi Yohanes ing pakunjaran, lan uga dhawuh nugel gulune.
Ing urip bebarengan, kojur banget menawa sing ngasta kalungguhan nindakne pangwasane adhedhasar rasa wedi. Wong salah sing ora gelem ngakoni salahe mesti bakal wedi. Wedine wong sing duwe kwasa kanggo nutupi tumindake sing salah bisa tumindak ngancam marang liyane. Nanging tetep wae senajan ngancam dheweke wedi salahe iku dikonangi lan dingerteni dening wong akeh. Jaman biyen werna-werna kedadeyan pelanggaran HAM berat kelakon ing satengahing bangsa. Ora ana sing wani nyaruwe. Nanging saiki menawa wis sumebar lan dadi viral, sanajan duwe kwasa iya tetep bakal kaweden menawa ora ngakoni lan mratobat.
Lelakone Prabu Herodes sing keweden amarga rasa salahe iki memulang kita, supaya aja wangkot nalika salah. Nanging enggal ngakoni lan nyuwun pangapura. Sih rahmate Gusti bakal nampani saben wong sing mratobat. |*YTP