+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 9 Mei 2024, Sumengkanipun Gusti Yesus

Lelakone Para Rasul 1: 1-11; Jabur 47; Efesus 1: 15-23, Lukas 24: 44-53

SEKSI KAMULYANIPUN SANG KRISTUS

“… Lan kowé bakal padha dadi seksi-Ku ana ing kutha Yérusalèm,

ing tanah Yudéa kabèh lan ing tanah Samaria,

malah ing salumahing bumi.” (Lelakone Para Rasul 1:8)

Gesang punika pranyata boten gampil. Wonten kalanipun ngraosaken ajrih lan sumelang, awrat nglampahi gesang. Lampahing gesang punika prasasat lumampah wonten ing pasamunan ingkang sepen, benter lan kathah bebaya. Mbetahaken pangandel ingkang kiyat supados saged pinanggih tatag, tanggon lan tangguh anggenipun ngadhepi samukawis perkawis. Ngandelaken kakiyatan kita piyambak temtu boten saged, awit manungsa punika winates. Pramila ingkang saged dipun andelaken punika namung Gusti ingkang kuwaos paring tentreming manah nglangkungi perkawis ing gesang.

Ing waosan dinten punika, para sakabat sami kadhawuhan dados seksinipun Gusti Yesus wiwit saking Yerusalem, ngantos dumugi salumahing bumi. Dados seksi kamulyanipun Sang Kristus punika punika boten gampil lan saged kemawon dipun tampi awrat lan sisah. Pepalang sarta kasisahan ingkang dipun adhepi ing ngajeng boten saged kadamel entheng lan remeh. Nanging Gusti sampun prajanji maringi kasekten menawi Roh Suci sampun dipun tampi dening para sakabat. Srana kasekten punika para sakabat nindakaken dhawuhipun Gusti sarta ngawonaken sakathahing pepalang lan kasisahan. Sacara kamanungsan saged kemawon dipun tampi mokal, nanging boten wonten ingkang mokal menawi Gusti sampun nyranani kanthi peparingipun Roh Suci. Para sakabat boten namung dados seksi kamulyanipun Gusti ananging ugi sekti kangge ngadhepi samukawis perkawis.

Minangka tiyang pitados kedahipun kita ugi kendel dados seksinipun Gusti, awit kita ugi sampun kaparingan kasekten dening Gusti. Seksi ingkang sekti boten karana gadhah aji-aji kangge gelut, kebal peluru utawi gaman, nanging sekti saged ngawonaken raos ajrih, drengki, nepsu lan tumindak ingkang awon. Tiyang pitados dados seksi ingkang sekti kangge mbabar raos sokur, bingah, lan tentrem rahayu wonten satengahing pagesangan. |*DAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ