+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 8  Mei 2024 Minggu PAskah VI

Pangandharing Toret  11: 18 – 21; Jabur 93; Markus 16: 19-20

GUSTI UGA MAKARYA BEBARENGAN

“Para muridé banjur padha lunga, ngabaraké Injil ana ing ngendi-endi. Gusti Allah uga makarya bebarengan karo murid-murid mau, srana daya kasektèn, mujijat-mujijat, minangka bukti yèn apa sing diwartakaké déning para murid mau nyata.” ( Markus 16: 20 )

Nalika mandheg wonten ing prasekawanan, kula ngemataken seratan ing satunggaling bak truk, “sakabot-abote momotanku isih luwih abot tresnaku marang sliramu”. Kasinggihan ingkang dipun serat punika saestu leres. Momotan pancen awrat sangganipun nanging margi raos tresna sadaya momotan mboten karaosaken abot malih. Raos tresna saged ngawonaken awrating momotan ingkang nembe dipun mbekta kanthi manah ingkang sakeca sarta mboten wonten panggresula. Tiyang nyambut damel lan pados rejeki kadosa punapa awratipun saged dipun lampahi namung kangge ingkang dipun tresnani.

Sasampunipun Gusti Yesus sumengka dhateng ing swarga, para sakabat sami kesah martosaken injil. Dados dutanipun Gusti punika boten gampil lan awrat sangganipun. Kathah pepalang, panampik sarta reribed ingkang badhe dipun adhepi. Nanging para sakabat boten piyambakan awit Gusti Yesus tansah nyarengi lan ugi makarya sesarengan. Gusti maringaken daya kasekten, mukjijat minangka bukti bilih ingkang dipun wartosaken dening para sakabat punika saestu nyata. Kanthi tandha-tandha ingkang nyarengi punika sadaya sangganipun badhe tinampi entheng lan sekeca amargi Gusti paring pambiyantu lan pitulungan, satemah lajeng kathah tiyang ingkang sami manjing pracaya.

Sayektosipun timbalan punika ugi katujokaken dhateng kita sadaya minangka tiyang pitados. Kita punika para utusan kangge martosaken Injilipun Gusti wonten satengahing pagesangan. Boten sisah kuwatos lan was sumelang, lajeng rumaos mangu-mangu: “Punapa kita saged nyanggi sadaya dhawuhipun Gusti punika?”. Pitadosa bilih kita boten piyambakan. Gusti nunggil kaliyan kita lan tansah makarya sesarengan kaliyan kita, nyagedaken saha ngiyataken kita. Kangge tiyang ingkang kita tresnani ing donya kemawon kita kiyat, punapa malih dhateng Gusti mesthinipun sangsaya kiyat nglampahi. |*DAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ