+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 21 Januari 2024 Minggu III Saksampunipun Epifani

Yunus 3:1-5,10; Jabur 62:6-13; I Korinta 7:29-31; Markus 1:14-20
SIH RAHMATIPUN GUSTI
“Bareng Gusti Allah ngudaneni apa kang dilakoni wong-wong mau, yaiku anggone padha mratobat ninggal lakune kang ala, Gusti Allah banjur apiduwung ing bab anggone ngrancang arep ndhawahake bilai marang wong-wong mau, nuli iku diwurungake”
(Yunus 3:10)

Nabi Yunus dipun utus dhateng kitha Ninewe, ingkang dados pusering karajan Asyur, supados tiyang Niniwe sami mratobat. Ananging nabi Yunus boten purun netepi dhawuhipun Gusti. Nabi Yunus langkung remen menawi tiyang Ninewe wau kaukum kemawon dening Gusti.
Nanging pranyata Gusti Allah kagungan karsa ingkang beda sanget kaliyan pepinginanipun nabi Yunus. Gusti Allah ngersakaken tiyang-tiyang wau sami mratobat lan kawilujengaken. Nabi Yunus sampun mbatos lan mangertos bilih Gusti Allah menika Allah ingkang Mahaasih, mesthi mangke badhe ngapunteni dosanipun tiyang-tiyang Ninewe. Pramila Yunus milih kesah dhateng kitha Tarsis mawon. Nabi Yunus numpak baita ageng ingkang badhe lalayaran dhateng Tarsis. Nanging ing tengahing seganten Gusti Allah nglawan panerakipun nabi Yunus sarana ndhatengaken prahara ageng ingkang nempuh baita wau ngantos badhe kerem. Nabi Yunus lajeng kaangkat lan kabucal dhateng seganten. Sanalika praharanipun lerem, ndadosaken tiyang-tiyang ing baita wau sami ajrih lan manembah dhateng Gusti Allah. Dene nabi Yunus dipun tampeni lan kaemplok dening ulam ageng. Saksampunipun tigang dinten ulam wau ngluntakaken nabi Yunus dhateng daratan. Nabi Yunus tumunten kesah netepi dawuhipun Gusti Allah. Kaelokan lajeng kedadosan. Tiyang-tiyang Ninewe dalah sato kewanipun sami mratobat kanthi patrap puwasa ngebleng, lan mawi sandhangan bagor. Sarehning Gusti Allah mirsani pamratobating tiyang-tiyang Ninewe wau, Gusti Allah lajeng keduwung dhateng rancangan bilai kangge tiyang-tiyang Ninewe menika. Gusti Allah murungaken ndhawahaken bilai tumrap tiyang-tiyang Ninewe.
Kita nampi piwucal supados tansah ngundhangaken sih rahmatipun Gusti dhateng sedaya tiyang supados sami nampi kawilujengan. Gusti Allah mesthi badhe paring pangapunten tanpa ngetang malih prekawis lan kalepatan ingkang kapengker. |*SH

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ