+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 12 Januari 2024 Minggu I Saksampunipun Epifani

Para Hakim 2:16-23; Jabur 139 :1-6,13-18; L. Para Rasul 13:16-25

 

ALLAH KANG MAHAMIRSA

Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang njajagi lan nguningani kawula.

Kawula linggiha utawi ngadega Paduka uninga, Paduka mirsa osiking

manah kawula saking katebihan” (Jabur 139:1-2)

 

KPK angka 115 nelakaken pangaken bilih Gusti Allah menika rawuh wonten ing pundi-pundi papan: Neng gunung wah neng are, Gusti Allah ana. Nyanga ngendi paranku mesthi ana uga. Endi kang dadi cipta lan osiking ati; Kabeh mesthi kapirsan ing Allah Hyang Widi Rawuhipun Gusti ing pundi-pundi papan menika ingkang kasebat omni-present.

Jabur 139:1-10 mratelakaken bab menika. Kejawi saking menika, kita ugi winulang dening pangandika menika bilih Gusti Allah ingkang asipat Roh menika ugi mirsani samukawis prekawis ing gesang kita. Malah ugi menapa ingkang dados osiking manah kita, Gusti Allah pirsa. Boten wonten satunggal prekawis kemawon ingkang saged kasimpen lan kaumpetaken saking Gusti. Menawi mekaten prayogi kita tumindak sae lan mosik ingkang sae ing maanah kita, awit menika sampun kapirsanan dening Gusti lan mesthi badhe dipun berkahi.

Sipating Gusti Allah ingkang Mahamirsa menika ing satuggal sisih ndadosaken kita boten saged sak-sekecanipun anggen kita gesang. Ananging ing sisih sanesipun, amargi Gusi Allah menika Mahamirsa, kita lajeng kajagi tumindak kita, uwal saking pandamel awon senadyan ing papan ingkang sepen pisan. Kita mangertos bilih Gusti Allah mirsani menapa kemawon ingkang kita tindakaken. Omnipresensia-nipun Allah menika  ugi ndadosaken kita dados ayem. Ing pundi kemawon kita saged lan kepareng sesambat dhateng Gusti Allah. Gusti mesthi badhe mitulungi kita lan ngentasaken kita saking kangelan wau.

Gusti Allah ingkang Mahamirsa ndadosaken kita boten saged uwal saking pnguwaosipun, ing bab menika sumangga kita sami pasrah sumarah dhateng Gusti Allah. Kita sami katimbalan ngabekti dhateng Gusti Allah kanthi tumemen. Panembah lan pangabekti kita wau kita  wiwiti saking salebeting manah kita. Pramila kita kedah nggadhahi manah ingkang resik, lan tansah nglairaken pitembungan menapa dene pandamel ingkang sae lan leres ugi. |*SH

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ