+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 11 Januari 2024 Minggu I Saksampunipun Epifani

Para Hakim 2:6-15; Jabur 139:1-6; 13-18; II Korinta 10:1-11

KAKENDELAN LAN GEGAMAN ING PALADOSAN

awit gegamaning perangku iku dudu gegaman kadonyan,

nanging gegaman kang kadunungan panguwaosing Allah,

kang bisa njugrugake baluwarti” (II Korinta 10:4)

 

Anggenipun Gusti Allah milujengaken jagad lan manungsa menika pranyata boten tumindak piyambakan. Gusti Allah ngersakaken nimbali kita supados ugi tumut nyambut damel ing pakaryan menika. Kita boten kepareng namung mendel kemawon lan kantun nampi kabegjan saking sihipun Gusti. Kita sami katimbalan tumut nyambut damel ngundhangaken lan martosaken sih rahmat lan kawilujengan saking Gusti. Lah menika ingkang kawastanan martosaken Injiling Sang Kristus.

Ing ngriki kita kedah mangertos bilih tugas pangundhanging Injil menika sanes prekawis ingkang gampil lan entheng. Donya ingkang dipun kuwaosi iblis menika mesthi badhe nglawan pawartos Injil wau, amargi pepeteng mesthi boten remen menawi mireng bab pakaryaning Gusti Yesus Kristus ingkang cetha nglawan dosa lan kadurakan menika. Wonten kemawon bab-bab ingkang kaangge ngregoni lan nglawan kita. Ananging, ing ngriki kita sami katimbalan supados boten ajrih, awit Gusti Allah tansah nganthi kita ing pakaryan menika. Gusti Yesus ugi sampun ngendika bilih “Aku tansah nunggal karo kowe, nganti tumeka ing wekasaning jaman” (Matius 28:20b). Mekaten ugi Gusti Yesus ngendika ing Yokhanan 16:33 :  “Ana ing doya kowe padha nandhang panganiaya, nanging padha diteteg atimu, Aku wis ngalahake donya!”. Prasetyanipun Gusti Yesus Kristus menika ndadosaken kita nggadhahi kakendelan nindakaken jejibahan wau.

Kejawi badhe tansah rineksa dening Gusti, II Korinta 10:4 mratelakaken bilih kita nggadhahi gegaman inggih menika “Gegamaning perangku iku dudu gegaman kadonyan, nanging gegaman kang kadunungan panguwaosing Allah…”. Dados kangge ngadhepi panglawan saking donya menika, kita badhe ngangge gegaman ingkang isi panguwaosing Allah piyambak inggih mwnika pangandikanipun Allah lan panganthinipun Sang Roh Suci. Sumangga kita sami tumandhang damel martosaken Injilipun Sang Kristus kanthi kekiyatan lan gegaman ingkang saking Gusti Allah piyambak. Amin|*SH

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Informasi Kontak

© 2022 Created  Sinode GKJ