+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 8 November 2026 Minggu Limrah

Amos 5:18-24; Jabur 70; 1 Tesalonika 4:13-18; Mateus 25:1-13

MULANE PADHA MELEKA
“Mulane padha meleka, awit kowe padha ora weruh dinane lan wayahe.”
(Mateus 25:13)

Wonten lare anem dipun dangu pinisepuh gereja “coba, besuk sing
dadi gegayuhanmu apa?” Kanthi yakin lare anem punika mangsuli “kula
badhe kuliah menawi sampun lulus badhe nyambut damel, ngempalaken
arta supados enggal sugih, menawi sampun sugih kula nembe badhe nikah”.
Mireng makaten pinisepuh namung saged mesem lajeng ngandikani “isih
ana sing kurang”, aturipun tiyang anem “punapa ingkang kirang bapa”?
Kowe uwis nyepakne kanggo uripmu, ning kowe durung nyepakne kanggo
matimu, kuwi sing kurang. Saestu, kathah tiyang saged nyawisaken kangge
kasenengan ing alam donya ananging supe boten nyawisaken kangge
gesang ing tembenipun.
Pasemon punika nedahaken wontenipun prawan sadasa sami methukaken
rawuhipun panganten kakung. Ingkang gangsal wicaksana lan gangsal
bodho. Ingkang wicaksana migunakaken wekdalipun kangge nengga panganten
kakung srana nyawisaken tandhon lisah, dene ingkang bodho boten cawis
tandhon lisah. Sinareng wekdalipun temanten kakung rawuh, prawan
gangsal ingkang bodh o katelasan lisah temah boten saged methukaken
temanten. Dene prawan gangsal ingkang wicaksana saged methukaken
temanten lan sesarengan mlebet dhateng pahargyan. Nalika korinipun
pahargyan sampun kakancing prawan ingkang bodho ngudi bisanipun
mlebet nanging sampun kasep lan dipun tampik.
Pasemon punika paring piwulang supados kita saged migunakaken
wekdal peparingipun Gusti kanthi wicaksana lan prayogi. Migunakaken
wekdal kangge tumindak kabecikan lan katresnan. Sampun ngantos gesang
namung kangge ngumbar kasenengan, hawa nepsu lan mburu kadonyan.
Kita boten mangertosi sepinten dawaning umur kita, nanging kita mangertosi
bilih pejah punika pasti kalampahan. Mila, prayogi kita nyawisaken dhiri
kangge migunakaken wekdal punika ingkang wicaksana lan tuhu setya dhateng
pangandikanipun Gusti, awit namung tiyang ingkang wicaksana ingkang
tinanggenah tansah cecawis ngrantos rawuhipun Gusti. Amin. |*DAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *