Amos 4:6-13; Jabur 70; Mateus 24:1-14
ADOH RATU CEDHAK WATU
“Nanging sing sapa mantep tekan ing wekasan, iku bakal rahayu”
(Mateus 24:13)
Bebasan adoh ratu, cedhak watu, punika mratelakaken kawontenanipun
tiyang dusun, ingkang gesang lan manggen ing tlatah ingkang tebih saking
kadhaton. Sampun mesthi luwih kepenak tiyang gesang manggen sacelakipun
kraton katimbang kaliyan ingkang manggen ing dhusun. Punapa malih manawi
kawontenaning dhusun punika kirang subur lan kirang toya, sitinipun atos
amargi kathah watunipun, lsp. Dene tlatah sacelakipun kadhaton mesthi
dipun bangun kanthi sae, fasilitasipun lengkap.
Gusti Yesus memulang bab wiwitaning kasangsaran saderengipun dinten
wekasan. Kaendahanipun Yerusalem badhe rubuh lan ambruk, boten wonten
ingkang saged dipun egung-gungaken kemalih, sarta badhe kalampahan
wontenipun panganiaya, pangancam, paprangan lan kawontenan ingkang
sarwi gegirisi. Margi saking kasangsaran ageng punika kathah tiyang ingkang
boten kiyat, sami mungkur saking Gusti, kathah tiyang sami suda
katresnanipun, sami remen sengit sinengitan. Kathah ingkang sami remen
rebut bener, ngaku nabi lan ngaku paling bener. Kasetyan lan katresnan
karaosaken suwung lan sepi, dene kadurjanan saya rame dipun mbiwarakaken
ing pundi-pundi. Ananging tumrap saben tiyang ingkang setya dugeng
wekasan badhe nemahi rahayu wilujeng. Tiyang ingkang celak kaliyan Gusti
boten badhe ketriwal sarta kesasar.
Samangke kathah panggodha lan ewah-ewahaning jaman ingkang saya
gegirisi lan kathah tiyang sami nebih saking Gusti, lan remen mburu seneng
lan mareming kadonyan. Sami kesasar dening piwulang ingkang nasaraken.
Kawontenanipun tiyang ing dinten wekasan badhe nemahi cilaka lan sangsara.
Ananging tumrap tiyang ingkang tansah rumaket maring Gusti badhe kadunungan
berkah, inggih punika tansah pinanggih tentrem rahayu. Sinaosa tiyang
Kristen “gesang cedhak watu” ing donya punika, kathah sisah lan sangsara
ananging ing tata karohanen tansah celak kaliyan Ratuning jagad lan swarga,
inggih Gusti Yesus. Tiyang pitados punika badhe tansah manggih rahayu.
Amin. |*DAS
