Amos 3:1-12; Jabur 70; Wahyu 9:13-21
JUJUR
“Wong-wong iku padha ora sumurup marang tindak kang jujur,”
mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, “yaiku wong
kang padha nandho panindhes lan panganiaya ana ing kadhatone.”
(Amos 3:10)
Wonten kedadosan ing pundi satunggaling gedhong utawi bangunan
ageng ingkang sae lan endah ujug-ujug ambruk lan rubuh. Kamangka
katingalipun bakoh ananging boten dangu malah ambruk. Sareng dipun
priksa kenging punapa saged ambruk, jebul bahan bangunanipun punika
kathah ingkang dipun kirangi. Juru bangunan saklajengipun dipun priksa lan
dipun dakwa amargi sampun tumindak boten jujur srana ngirangi mutu bahan
bangunan lan mendhet bebathi saking punika kangge kapentinganipun
piyambak. Tumindakipun sampun boten jujur lan damel tuna tiyang sanes,
ing samangke piyambakipun namung saged getun lan isin. Menawi sampun
makaten ingkang wonten amung becik ketitik, ala ketara.
Nabi Amos kadhawuhan dening Gusti Allah kangge melehaken tumindakipun
saperanganing tiyang ingkang tumindak asor lan dosa. Ingkang sami
ngraosaken gesang sarwi kepenak lan sugih sarta rumaos kaberkahan
ananging sanyatanipun sanes berkah awit punapa ingkang dipun gadhahi
punika kasil saking tumindak ingkang boten jujur. Sami njarah hakipun
tiyang sanes, sami korupsi, nyenyelong lan sanesipun. Nabi Amos
ngengetaken bilih Gusti Allah badhe ngukum saben tiyang ingkang boten
jujur. Gusti Allah tansah wonten ing pihakipun tiyang ingkang siniya, sekeng
lan katindhes. Gusti ingkang Maha adil badhe nindakaken kaadilanipun.
Sapinter-pinteripun bajing mlumpat badhe dhawah ugi lan sapinter-
pinteripun tiyang nutupi tumindak ingkang boten leres lan boten jujur ing
mangkenipun badhe kawiyak. Becik katitik ala ketara. Pramila saking punika
kita dipun wulang supados sami remen tumindak ingkang jujur, boten goroh
lan ngapusi. Sapintena ingkang kita gadhahi badhe dados berkah menawi
punika saking tumindak ingkang jujur lan sae, awit ingkang purun jujur
boten badhe ajur nanging badhe tansah mujur. Amin. |*DAS
