Mikha 3:5-12; Jabur 43; 1 Tesalonika 2:9-13; Mateus 23:1-12
AJA LAMIS
“Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan para wong Farisi, heh, wong lamis,
awit kowe ngancingi lawange Kratoning Swarga ana ing ngarepe wong,
sabab kowe dhewe ora mlebu lan wong kang arep lumebu kokalang-alangi”
(Mateus 23:13)
Tembung lelamisan punika ateges seneng ethok-ethok, gawe-gawe lan
boten sanyatanipun. Ingkang katindakaken punika cengkah antawisipun
manah kaliyan tumindakipun. Wonten ing tembung aslinipun, bahasa
Yunani lamis punika hypocritos, dene tembung punika asring kaginakaken
dening para lakon wonten ing sandiwara. Para lakon ingkang saged nglampahi
sandiwara, inggih dados tiyang ingkang saged ethok-ethok nangis, sedhih,
nesu, susah lan sanesipun. Lamis punika punapa ingkang katingal saking
tata lairipun benten kaliyan ingkang wonten ing salebeting manahipun.
Ahli Toret lan tiyang Farisi punika satunggaling conto para pangarsaning
bangsa Yahudi, para tiyang winasis ing babagan pangertosan Kitab Suci lan
asring mulang isinipun Kitab Suci. Para pangarsaning agami Yahudi punika
tiyang ingkang mangertosi ingkang sae lan leres, awit saking punika para
pangarsa punika remen mulang tiyang kathah. Elok sanget! Kasinggihan
makaten, wonten ing ngajengipun tiyang sanes tumindakipun saestu
ngremenaken sanget, nanging yektinipun sami boten nindakaken punapa
ingkang sampun dipun wulangaken kados bebasan jarkoni (bisa ujar ning
ora bisa nglakoni). Jebul para pangarsa punika remen ethok-ethok supados
katingal sae lan mursid ing ngajengipun tiyang kathah kamangka ing
sanyatanipun tumindakpun boten sae. Awit saking punika Gusti Yesus
melehaken kanthi pangandika ingkang keras dhateng para Ahli Toret lan
tiyang Farisi punika.
Pramila saking punika kita dipun wulang supados waspada, ampun niru
tumindakipun para Ahli Toret lan Farisi, inggih punika lamis. Supados kita
boten lamis, ingkang namung pinter ngandikan bab Kitab Suci nanging ing
kanyatanipun tumindakipun boten sae lan boten ngristeni. Ananging
sageda dados tiyang Kristen ingkang sejati, boten namung dipun tepang
mangertosi babagan katresnan lan kasaenan kemawon, ananging estu-estu
dipun tepang minangka tiyang ingkang saestu gesang ing salebeting katresnan
lan tansah nindakaken kasaenan. Mugi kita tansah mujudaken gesang
ingkang lampahipun salaras, tulus, jujur lan sawontenipun. Amin |*DAS
