+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 24 Oktober 2026 Minggu Limrah

Wulang Bebasan 24:23-34; Jabur 1; Yokanan 5:39-47

KITAB SUCI
”Kowe padha niti priksa Kitab-kitab Suci, awit pandugamu marga saka
Panjenengane kowe nduweni urip langgeng. Nanging sanadyan Kitab-
kitab Suci iku nekseni ing bab Aku, suprandene kowe padha lumuh marani
Aku supaya nduwenana urip iku” (Yokanan 5:39-40)

Kitab Suci punika kajawi isinipun Pangandikanipun Gusti, ugi minangka
buku ingkang memulang babagan kawicaksanan, sejarah, lan perangan-
perangan ingkang sae tumrap gesangipun manungsa. Kitab Suci ugi asring
kagambaraken minangka kamus, paran pitakenan nalika manungsa mbetahaken
panuntun wonten ing gesangipun. 66 Kitab kita pitadosi minangka perangan
ingkang nuntun dhateng margining kayekten lan kaleresan. Pitakenanipun,
punapa kanthi maos kemawon saged ndadosaken kita nampi gesang langgeng
saking Gusti?
Maos kemawon temtu dereng cekap. Yokanan 5: 39-40 negesaken bilih
ingkang nampi gesang langgeng punika sanes ingkang namung saderma
maos isining Kitab Suci. Kita ugi kedah pitados lan nggadhahi kayektenan
dhateng pakaryan kawilujengan ingkang saking Gusti. Kita ugi kedah nindakaken
punapa ingkang dados timbalan gesang kita kanthi kebak ing katresnan,
ajrih asih dhateng Gusti. Punapa ginanipun bilih kita sampun wongsal-wangsul
maos Kitab Suci ananging boten mangertos punapa maknanipun? Kita sami
kemawon namung nyinau buku sejarah lan buku filsafat, ananging tanpa
nggadhahi kapitadosan dhateng margining kawilujengan ingkang sejati.
Wonten ing salebeting pasamuwan kita asring ngawontenaken pakempalan
panyuraos Kitab Suci utawi PA. Wonten ing pakempalan punika kita badhe
sinau sesarengan isining Kitab Suci supados saged manggihaken kayekten.
Langkung malih, padatanipun wonten pirembagan utawi diskusi ingkang
ndadosaken kita sangsaya lebet anggenipun nyuraos isining Kitab Suci. Begja
kita, dene kita kaparingan wewengan kangge nyinau Kitab Suci. Sumangga kita
ginakaken wewengan punika supados kita boten namung apal isining Kitab
Suci, ananging ugi nggadhahi kayektenan ingkang kiyat ing Gusti. |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *