+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 18 Oktober 2026 Minggu Limrah

Yesaya 45:1-7; Jabur 96:1-9, (10-13); 1 Tesalonika 1:1-10; Mateus 22:15-22

PANYARUWE DHATENG PANGARSA
”Gusti Yesus banjur ngadika: “Mulane Sang Nata Agung caosana
apa kang wajib kacaosake marang Sang Nata Agung lan aturna
marang Allah kang wajib kaaturake marang Allah.”
(Mateus 22:21b)

Wonten ing satengahing masyarakat, kita saged mrangguli wontenipun
golongan ingkang boten pitados dhumateng pamarentah utawi pangarsaning
negari. Nalika pamarentah ngedalaken satunggaling pranatan, lajeng enggal-
enggal nyaruwe. Kamangka, dereng tamtu tiyang punika saged lan kiyat
nggentosi kalenggahan punika. Kalamangsanipun tiyang punika gampil sanget
nyaruwe kawontenan pamarentahan tanpa nyengkuyung pambudidayanipun
pamarentah anggenipun mranata negari.
Injil Mateus 22:21b ngemutaken kita babagan kawajiban dhateng
negari lan bab panyengkuyung dhateng para pangarsaning nagari. Mranata
negari ingkang ageng kadosdene Indonesia punika boten gampil. Mila, para
pangarsa mbetahaken panyengkuyung saking sedaya warganing negari.
Kadosdene anggen kita mituhu dhateng Gusti, makaten kita kedah sumuyud
dhateng pamarentah negari. Pamarentah negari punika ugi utusan saking
Gusti Allah kangge mranata gesang sesarengan. Pamarentah ugi kedah
menggalih kathah perangan ingkang kalamangsanipun satunggal lan
satunggalipun cengkah amargi kapentingan politik.
Kadospundi manawi pangarsa ingkang mimpin punika nindakaken
kalepatan utawi ngedalaken pranatan ingkang karaos boten ndadosaken
karaharjaning negari? Wonten ing nagari dhemokrasi punika, sedaya warga
negari kagungan hak kangge nyaruwe, ananging panyaruwe ingkang sipatipun
mbangun, sanes panyaruwe ingkang namung saderma maido. Bilih namung
maido tanpa urun pamrayogi, sami kemawon kita boten paring pakurmatan
dhateng pamarentah. Bilih namung saderma nyaruwe, kita sami kemawon
kaliyan tiyang ingkang boten tanggel jawab. Nalika kita nyaruwe kawontenan
pamarentahan, kedah kanthi ajrih asih lan sesarengan ngudi kasaenaning
nagari, boten supados kita ketingal preduli ananging tanpa pambudidaya
lan aksi. |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *