+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 17 Oktober 2026 Minggu Limrah

Yesaya 14:3-11; Jabur 96:1-9; Mateus 14:1-12

GENGSI INGKANG MBEBAYANI
“Sang Nata dadine sungkawa panggalihe, nanging marga saka wis supaos
lan marga saka anane para tamu, banjur dhawuh maringake, sarta utusan
nigas janggane Nabi Yokanan ana ing pakunjaran”
(Mateus 14:9-10)

Raos Gengsi punika dados takeran gesang ingkang awrat, amargi gengsi
punika asring dipun gandhengaken kaliyan ajining dhiri. Sanadyan kabetahan
gesang ingkang sipatipun utami sampun kacekapan, ananging gengsi
ndadosaken manungsa gadhah takeran cekap ingkang langkung inggil. Tuladha
kemawon, sinaosa motor merk X punika sampun cekap kangge tindak dhateng
kantor, ananging awit kalenggahanipun minangka direktur, lingsem bilih
ngangge motor, mila tindak kantor kedah ngangge mobil kanthi seri paling
anyar. Tuladha malih, ageman angger pantes punika sampun cekap, ananging
awit boten kepengin ketingal asor, lajeng anggenipun blanja dhateng toko
ingkang merk terkenal lan reginipun awis.
Sejatosipun, kenging punapa gengsi punika mbebayani? Awit gengsi
punika namung kangge takeran sawatawis wekdal. Gengsi punika namung
kangge negesaken bilih dhirinipun saged nggayuh perangan ingkang tiyang
sanes boten saged nggayuh. Waosan Mateus 14:1-12 nyariyosaken
lelampahanipun Prabu Herodhes nalika kedah nyedani Yokanan Pambaptis
namung amargi gengsinipun minangka sang nata. Sinaosa sejatosipun
Prabu Herodhes pirsa bilih Yokanan boten nindakaken kalepatan, ananging
awit boten kepengin kecalan ajining dhiri ing ngarsanipun para tamu, lajeng
nindakaken prekawis ingkang cengkah kaliyan karsanipun piyambak.
Wonten ing pasrawungan kita saben dintenipun, kita asring manggihi
tiyang-tiyang ingkang malah kecalan ajining dhirinipun namung amargi gengsi.
Tiyang lajeng ngupaya srana pinjol, judol, utawi bab-bab ingkang boten
prayogi supados gengsinipun saged kacekapaken. Kamangka, kapan gengsi
punika karaos cekap? Boten wonten watesipun. Mila, sampun ngantos
gengsi punika dados perangan ingkang mbebayani ing gesang kita. |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *