+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 3 Oktober 2026 Minggu Limrah

Yeremia 6:1-10; Jabur 80:7-15; Yohanes 7:40-52

NAMPI PIWULANG LAN PANGGULAWENTAH
“He Yerusalem, sira nampanana pamerdi, supaya Ingsun ora nilar sira,
lan ora ndadekake sira sepi mamring, dadi nagara kang suwung!”
(Yeremia 6:8)

Guru punika ngemu kerata basa “digugu lan ditiru”. Guru dados pamulang
ingkang badhe nedahaken dhateng murid babagan punapa ingkang kedah
disinaoni. Guru mangertos babagan kawontenan muridipun, mila guru boten
badhe memulang perangan ingkang boten saged katampi dening murid.
Sakedhik mbaka sakedhik, murid ingkang sregep badhe nampi pangertosan
ingkang ndadosaken langkung pinter. Ananging kadospundi tumrap murid
ingkang boten purun nampi piwulang saking gurunipun? Murid punika
temtu boten wonten ewah-ewahan ing gesangipun, awit boten wonten
pangertosan anyar ingkang katampi. Murid ingkang kepengin ngraosaken
indhak-indhakaning gesang kedah purun nampi piwulang saking guru lan
dipun estokaken saestu.
Waosan Yeremia 6:1-10 nyariyosaken babagan bebendu ingkang badhe
katampi dening Israel. Kenging punapa sedaya bebendu punika tumempuh
dhumateng Israel, umat ingkang pinilih? Awit Israel boten purun nampi
piwulang ingkang saking Pangeran Yehuwah. Minangka umat ingkang kinasih,
kedahipun Israel purun nampi sawernining piwulang lan panggulawentah
saking Pangeran. Ananging Israel kepara manut pikajengipun piyambak.
Mila, kadosdene murid ingkang tanpa ewah-ewahan amargi boten purun
nampi piwulang, makaten ugi ingkang badhe dipun raosaken dening bangsa
Israel. Bangsa ingkang pinilih, ingkang katuntun dening Pangeran Yehuwah
piyambak, badhe dados suwung, bangsa ingkang sepi mamring amargi
tinilar dening Pangeran.
Jaman samangke, sejatosipun sumbering piwulang punika kathah.
Kemajengan teknologi ugi saged dados sumber piwulang ingkang tanpa wates,
sinten kemawon saged sinau kanthi ngginakaken teknologi. Ananging, manungsa
malah asring boten gadhah krenteg kangge nambahi seserepanipun. Sampun
ngantos kita mlebet ing golongan ingkang kados makaten. Sinten ingkang
karsa nampi piwulang lan panggulawentah ingkang badhe ngalami ewah-
ewahan ing gesangipun. |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *