+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 21 September 2026 Minggu Limrah

Purwaning Dumadi 27:1-29; Jabur 106:1-12; Rum 16:1-16

TUMUT TANGGELJAWAB
“Sabab dheweke wus aweh pitulungan marang wong akeh,
klebu aku dhewe” (Rum 16:2b)

Dina iki Trisno presentasi bareng kelompoke. Kabeh pitakonan saka
kanca-kanca sakkelas lan dosene bisa diwangsuli. Nadyan ora melu nggarap
bebarengan, nanging Trisno bisa melu njlentrehake lan mangsuli merga
dheweke sing ngganepi garapane kanca-kancane. Yen ora gelem melu
tanggungjawab ngganepi, mesthi dheweke ora bakal ngreti isine makalah.
Sampun wancinipun Rama Iskak paring berkah mirunggan ingkang
limrahipun katampi dening pambajeng, Esap. Nalika mireng bilih Rama Iskak
badhe mberkahi Esap, Ibu Ribkah enggal ndhawuhi Yakub ngaturake olahan
cempe dhateng ramanipun supados saged nampi berkah. Kenging punapa
Esap kados-kados katampik saking berkah pambajeng? Ingkang sepisan, Ibu
Ribkah kadamel sekel penggalihipun nalika Esap mundhut pawestri Kanaan
minangka garwanipun. Ingkang kaping kalih, Esap sampun nyade wewenangipun
minangka pambarep dhateng Yakub. Sinaosa ketawis sepele, nanging punika
dados srana anggenipun Gusti Allah netepaken tedhakipun Yakub minangka
bangsa pilihan.
Tumraping Esap bokmenawi mundhut garwa pawestri Kanaan lan nyade
wenanging pambarep dhateng Yakub punika tumindak ingkang sepele lan
limrah; nanging pranyata nemtokaken gesangipun. Mekaten ugi nalika
tiyang-tiyang sami mitulungi Rasul Paulus ing saklebeting peladosanipun,
mbokmenawi ugi nganggep sepele ingkang katindakaken awit rumaos bilih
punika sampun tanggeljawabipun minangka sadherek patunggilan ing Sang
Kristus. Nanging tumindak ingkang kaanggep sepele punika kadadosaken
dening Rasul Paulus minangka paseksi lan srana anggenipun memulang,
nglipur, ngiyataken lan dados berkah tumraping pasamuwanipun Gusti;
boten namung ing kitha Rum nalika semanten, nanging ugi saben ingkang
maos ing sakuruting jaman lan sadaya papan. Sumangga sampun ngantos
ngremehaken bab ingkang katindakaken lan tembung ingkang kaucapaken
awit punika dipun agem dening Gusti Allah mranata gesang kita saktemah
saged dados berkah kangge sesami. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *