Purwaning Dumadi 48:8-22; Jabur 133; Ibrani 11:23-29
BERKAH BOTEN BADHE KLENTU
“Ature Sang Yusuf marang kang ramane: “Sampun mekaten, rama,
awitdene punika ingkang pambajeng…”
(Purwaning Dumadi 48:18a)
Bengi kuwi mbakyune Trisno sing arep ngrampungake skripsi uga
mulih, mula bu Minah mangsak oseng jantung pisang sing dadi kasenengane
Tatik; mbakyune Trisno. Trisno jane ora pati doyan masakan iku, nanging
dheweke uga bisa ngrumangsani yen wong tuwane uga nresnani lan
kapengin nyenengake mbakyune. Dheweke banjur kelingan dhek semono
dijanganke kasenengane, oseng godhong kates karo pare mangka
mbakyune ora seneng pait. “Pancen kudu gentenan ben adil lan kabeh
komanan”; mangkono batine Trisno.
Sang Yusuf temtu kaget nalika manggihaken rama Yakub mberkahi
Efraim kanthi astanipun tengen sinaosa Manasye punika mbajeng; langkung-
langkung nalika rama Yakub ngandika bilih Efraim badhe nglangkungi
kakangipun. Yusuf ingkang boten saged nrimah lajeng nyobi mapanaken
asta tengenipun Yakub ing Manasye minangka pambajeng. Nanging rama
Yakub nedahaken bilih sinaosa blawur pandulunipun, nanging piyambakipun
mangretos ingkang katindakaken. Temtu kemawon punika karsaning Allah
ingkang boten tinemu nalar budining manungsa. Nalika rama Yakub mapanaken
Efraim ing sakngajengipun Manasye, kakangipun; estunipun punika ngemutaken
dhateng pengalamanipun ingkang ugi nampi wewenanging pembarep saking
Esap, kakangipun. Sakderengipun, kita ugi badhe manggihaken bilih Gusti Allah
nampi pisungsungipun Abel lan netepaken Iskak minangka putra prasetyan
katimbang kakang-kakangipun. Saged kanggep bilih punika minangka katresnan
lan kaadilaning Allah. Mangkih, turunipun Efraim badhe misuwur lan dipun agem
Gusti Allah kangge mitulungi bangsa Israel; kados dene sang Yusak lan Gideon.
Mila sampun ngantos gampil semplah lan kecalan pangajeng-ajeng
nalika manggihaken kawontenaning gesang ingkang boten sami kaliyan ingkang
sampun karancang. Gusti Allah ingkang nitahaken kita sampun nggadhahi
rancangan sampurna ingkang ndhatengakan kasaenan tumrap gesang kita.
Sumangga tansah pitados bilih berkahing Allah boten badhe klentu. |*GPY
