+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 13 September 2026 Minggu Limrah

Purwaning Dumadi 50:15-21; Jabur 103:(1-7) 8-13; Rum 14:1-12;
Mateus 18:21-35

PANGAPUNTEN TULUS TANPA PAMRIH
“… Mangkono Sang Yusuf anggone nglipur, padha dipangandikani
kang ndadekake tentreming atine”
(Purwaning Dumadi 50:21b)

Dhasar Setu ora ana kuliah, Jemuwah sore iku Trisno pamitan karo bapak
kost banjur nyengklak bis mulih desa. Neng sakurute laku, Trisno rumangsa
bisa nyawang wong tuwane, dudu sawah lan alas sing diliwati. Dudu maneh
wong tuwa sing galak, kejem lan gawe serik; nanging wong tuwa sing
nggulawenthah murih becik uripe. Pikiran iku gawe dheweke selak ora
sabar pengin gageyan tekan omah. Satekane, Trisno weruh wong tuwane
lagi padha ngisis karo leyeh-leyeh neng emperan omah. Trisno banjur mlayu
ngekepi wongtuwane. Pak Wiryo lan bu Minah mung bingung pandeng-
pandengan merga pancen ora biasane.
Para sadherekipun Yusuf ajrih dhateng ingkang badhe kelampahan
saksampunipun rama Yakub seda. Ing pamanggihipun, Yusuf taksih ngendhem
serik lan badhe nandukaken paukuman dhateng para sadherekipun. Mila
para sadherekipun Yusuf sowan manggihi Yusuf kanthi masrahaken gesang
dados abdi kangge nyadhong sih-kawlasan. Jebul sang Yusuf saged ngrumaosi
bilih Gusti Allah ngersakaken sadaya punika kelampahan ing gesangipun. Sang
Yusuf lajeng nglipur lan damel tentreming manahipun para sadherekipun.
Ingkang katindakaken dening sang Yusuf nelakaken bilih piyambakipun
sampun paring pangapunten dhateng para sadherekipun, sampun boten
ngetang lan ngenget-enget sadaya piawon ingkang sampun katandukaken
dhateng piyambakipun. Punika ceples kaliyan piwulangipun Gusti Yesus
nalika Simon Petrus bab anggenipun tiyang kedah paring pangapunten
ngantos kaping pitungdasa pitu minangka wujud terusing manah; inggih
punika pangapunten ingkang tulus tanpa pamrih.
Asring kapanggihaken tiyang ingkang purun pangapunten kanthi sarat.
Wonten ugi ingkang kapeksa paring pangapunten karana pakewuh dhateng
tiyang kathah. Punika sanes karsaning Allah. Sumangga asung pangapunten
kanthi tulus tanpa pamrih ingkang kawujudaken kanthi mboten ngetang
utawi ngenget-enget kalepataning liyan kadosdene Yusuf dhateng para
sadherekipun. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *