Purwaning Dumadi 37:12-36; Jabur 103:8-13; 1 Yokanan 3:11-16
TRESNA KANG WICAKSANA
“…nanging dikanthenana panggawe lan ing sakjroning kayekten”
(1 Yokanan 3:18b)
Nalika Trisno niliki kos lawas, dheweke nampa tembung sing ora kepenak
saka kanca-kanca kos. Ana sing ngucap yen dheweke iku ora duwe tepa-slira
karo kanca, ana sing ngucap yen dheweke mung nengenake kasenengane
dhewe lan ana sing ngucap yen dheweke kebangeten anggone manut marang
wongtuwane. Trisno ngeling-eling anggone telung sasi manggon neng kono,
dheweke sing plalah ngresiki regedan, ngentasi pemeyan yen ngarepake udan
lan mbagekake lawuh sing disangokake simbok marang kanca-kancane.
Rasul Yokanan ngemutaken supados para kagunganipun Gusti sami mujudaken
katresnan dhateng sesami minangka wujud nulad Gusti Yesus ingkang sampun
ngurbanaken dhiri kangge milujengaken jagad. Rasul Yokanan nedahaken
bilih raos sengit punika sami kaliyan mejahi lan ndadosaken ingkang boten
nresnani sesami tetep dumunung ing pati minangka ganjaranipun. Pasamuwan
ugi katimbalan nggatosaken sesami ingkang nandhang kacingkrangan
minangka wujud nyata bilih katresnaning Allah dumunung ing gesangipun.
Sinaosa mekaten pasamuwan tetep kedah waspada awit saged kemawon
tiyang-tiyang ingkang sampun kaanggep minangka sadherek utawi kanca
punika malah tumindak awon. Kakang ingkang sakmesthinipun nresnani lan
njagi adhinipun malah tega tumindak awon. Sang Yusup nalika semanten
dipun cepeng, dipun larak lan kacemplungaken dhateng sumur sakderengipun
dipun sade dhateng kapilah bangsa Ismael karana serik dhateng Yakub;
ramanipun, ingkang tumindak emban cindhe emban siladan. Mila pasamuwan
nalika nelakaken katresnan dhateng sesami kedah tansah waspada supados
sampun ngantos anggenipun olah-tresna punika kaginakaken tiyang sanes
kangge kapentinganipun piyambak. Pancen sampun ngantos mbeda-bedakaken
tiyang. Nanging sumangga kanthi wicaksana niteni supados sampun ngantos
katresnan ingkang kapratelakaken dados jalaran anggenipun sesami tumindak
dosa kanthi ngginakaken katresnan punika kangge nguja hawa-nepsu lan
kamaremaning dhiri. |*GPY
