+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 7 September 2026 Minggu Limrah

Kaimaman 4:27-31,5:14-16 ; Jabur 119:65-72; 1 Petrus 2:11-17

NJAGI LAMPAH GESANG
“Dibecik uripmu ana ing satengahe bangsa-bangsa kang dudu bangsa
Yahudi…” (1 Petrus 2:12a)

Nalika niliki karo ngeteri beras, pak Wiryo prihatin mirsani kahanane
anake. Trisno jebul oleh kos sing semrawut. Plastik karo godhong garing
numpuk lan sukete njembrung ngetokake latar sing ora kopen. Durung, ana
kanca kos sing sembrana nglebokake kancane neng kamar. Nalika kondur,
pak Wiryo mampir Pastori sowan Pendhitane; nyuwun tulung supaya digolekake
kos neng kutha sing duweke warga Greja wae. Angkahe supaya Trisno direksa
ing bab uripe lan karohanene, aja nganti kena bab-bab sing ora prayoga.
Ing papan kita sapunika, cacahipun ingkang sakedhik ndadosaken
tiyang Kristen minangka titenan. Langkung-langkung ing media sosial kita
badhe manggihaken tiyang-tiyang ingkang sinaosa boten nunggal ing
kapitadosan nanging kanthi mardika ngrembag iman Kristen adhedhasar
pamanggihipun piyambak. Awit boten pitados, mila boten gumun menawi
bab ingkang karembag punika cengkah kaliyan piwulang Kristen. Asring ugi
karana mirsani media sosial ingkang mekaten, wonten tiyang-tiyang lajeng
sami atur-pitaken dhateng tiyang Kristen kanthi angkah badhe nyobi utawi
madosi kalepatan. Pancen boten sadaya tiyang tumindak mekaten, nanging
langkung prayogi menawi pasamuwan langkung maspadakaken tutur lan
lampah gesangipun.
Rasul Petrus ngemutaken bilih para pandherekipun Sang Kristus punika
namung tiyang ingkang neka lan mondhok ing jagad punika, mila kedah
njagi lampah gesangipun kanthi wicaksana supados sampun ngantos dados
jalaran kangge ndakwa. Pasamuwanipun Gusti kedah mujudaken lampah
gesang utami cundhuk kaliyan karsaning Allah awit pamarentahan yeyasaning
manungsa punika pinangkanipun saking Gusti Allah. Punika ndadosaken
sadaya pranatan ingkang katetepaken dening pamarentah ingkang adil lan
ndhatengaken karaharjaning tiyang kathah punika wujuding kawicaksananing
Allah. Mila pasamuwan kedah wicaksana njagi lampah gesangipun supados
sampun ngantos damel jember asmanipun Gusti Yesus. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *