+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 6 September 2026 Minggu Limrah

Yehezkiel 33:7-11; Jabur 119:33-40; Rum 13:8-14; Mateus 18:15-20

NAMPI PEMUT LAN NGEMUTAKEN
“Manawa sadulurmu duwe kaluputan, elingna dhedhewekan…”
(Mateus 18:15a)

Sore iku Trisno kerawuhan pak Pendhita neng kos. Dheweke pancen
dadi warga titipan rohani neng Greja cedhak kampus. Pak Pendhita ngelingake
yen saksuwene dadi warga titipan dheweke mung kadhangkala ngibadah
Minggu, mangka sakjane ana kegiatan nom-noman saben Setu sore. Sakkondure
pak Pendhita, Trisno ngrumangsani yen dheweke ora mung butuh kapinteran
nanging uga mbutuhake sadulur tunggal pracaya supaya bisa bebarengan
mbangun iman sing kandel neng saktengahe jagad sing kebak panggodha
lan bebaya.
Yehezkiel minangka penjaga turunipun Israel pancen nggadhahi tanggel
jawab ngemutaken umat menawi lampahipun sami nasar supados sami
mratobat, wangsul dhateng Gusti Allah, saktemah manggihaken kawilujengan.
Nanging menawi sami mangkotaken manah sanadyan sampun wongsal-
wangsul kaemutaken, Gusti Allah nedahaken bilih Yehezkiel sampun boten
nggadhahi tanggel jawab ing bab nyawanipun tiyang-tiyang wangkot punika.
Mila rahayu menawi tiyang purun nampi pepenget adhedhasar sabdaning
Allah. Rasul Paulus ugi ngemutaken bilih minangka para pandherekipun Sang
Kristus, pasamuwan ing kitha Rum kedah mbudidaya ngrucat sadaya pratingkah
awon ingkang cengkah kaliyan karsaning Allah lan nyikep gegamaning
pepadhang satemah saged sami nanggulangi panggodhaning iblis.
Awit boten gampil njagi dhiri ing margining Allah, tiyang pitados
mbetahakan sadherek patunggilan kangge ngemutaken menawi lampahipun
nalisir saking bebener. Mila prayogi menawi para pitados; kalebet tiyang
anem ingkang kedah sinau utawi nyambut damel tebih saking papanipun,
dipun titipaken ing Greja ingkang celak supados saged karimat gesang
kapitadosanipun. Nanging titipan rohani punika badhe muspra menawi
tiyang pitados mangkotaken manah nalika kagulawenthah. Gusti Yesus
ngandika bilih tiyang pitados nggadhahi tanggel jawab ngemutaken
sadherek ingkang lepat. Sumangga mbangun patrap andhap asor supados
sakwanci-wanci sumadya nampi pemut lan ngemutaken. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *